Redi Parang Pancaran Air Hidup 29 Januari 2022

29 January 2022

Waosan: Mazmur 71 : 1 6 | Pamuji: KPJ. 123
Nats:
“Paduka mugi karsaa dados redi parang tumrap kawula, dados papan pangauban kawula, saha beteng ingkang milujengaken kawula, awit inggih Paduka punika ingkang dados redi parang tuwin beteng kawula.” (Ayat 3)

Ing sisihipun margi Tol Cikopo-Palimanan (Cipali) KM 182, wonten sela ageng, ingkang kasebat ‘Batu (sela) Bleneng’. Masyarakat ing ngriku pitados sela punika wonten ingkang nenggani, inggih punika bangsa lelembut. Ing Tribunnews.com (Sabtu, 27 Juni 2015), dipun terangaken rikala pembangunan margi tol punika, para tiyang ingkang sami nyambut damel, nyobi mindah lan nglebur sela Bleneng punika damel alat berat, nanging usaha punika mboten kasil. Dipun cariyosaken saben tiyang ingkang badhe mindahken sela punika, sami ngalami kacilakan. Pitados punapa mboten, sela Bleneng punika wonten bangsa lelembut ingkang nenggani, ingkang terang, sela punika kiyat lan mboten saged dipun pindahaken.

Ing waosan dinten punika kita manggihi wontenipun redi parang (sela). Nanging sanes awujud redi parang ingkang nyata, sanes redi parang ingkang dados Gusti Allah, utawi ing redi parang punika katengganan Gusti Allah. Redi parang ing waosan kita punika minangka gambaran bilih Gusti Allah punika kiyat lan dados papan pangayoman. Ing salebeting karingkihan ingkang dipun raosaken lan bebaya ingkang dipun adepi, Sang Juru Mazmur nyuwun dhumateng Gusti Allah, supados kersa dados papan pangayomanipun. Panyuwunan punika kadhasar kapitadosan bilih Gusti Allah punika saestu saged paring pangayoman kangge gesangipun.

Kita mboten saged selak menawi ing gesang kita punika ngadepi mawerni-werni bebaya. Sawanci-wanci bebaya punika saged nempuh gesang kita. Kamangka kawontenan kita ringkih lan kakiyatan kita winates. Ngadepi kawontenan ingkang kados mekaten, punapa ingkang kedah kita lampahi? Sang Juru Mazmur sampun paring patuladhan. Sumangga kita ngayom dhumateng Gusti Allah, awit Gusti Allah punika mboten badhe paring kacilakan, nanging badhe paring kawilujengan dhateng kita. Amin. [SWT].

 “Kula sumendhe ing Gusti peparang kang santosa.

Renungan Harian

Renungan Harian Anak