Tegesipun Nami Renungan Harian 29 Januari 2020

29 January 2020

Waosan : Lukas 1 : 67 – 79    |   Pamuji :  KPJ. 87 : 1, 2
Nats:
“… marga saka rahmat lan sih piwelase Allah kita, … karsa madhangi sakabehing wong kang padha andhok ing pepeteng lan ana ing wayanganing pati, apadene ngenerake sikil kita marang dalaning karahayon” (Ay. 78,79)

Saben tiyang sepuh anggenipun nggadhah putra tamtu dipun paringi nami. Nami punika wujud pandonga lan pangajeng-ajeng tiyang sepuh dateng putranipun. Contonipun nami Diyan tegesipun lampu/pepadhang. Dipun paringi nami Diyan supados putranipun saged dados pepadhang kangge sesaminipun. Mekaten ugi manah lan batosipun tansah padhang. Sanesipun katah tiyang sepuh ingkang maringi nami putranipun kaliyan nami tokoh-tokoh Kitab Suci, kados Adam, Abraham, Musa, Yosua, Petrus, Yohanes lsp. Temtu pengajeng-ajengipun putra punika saged nuladani tindak-tandukipun tokoh Kitab Suci ingkang dados naminipun.

Waosan kita wekdal punika arupi pamuji sukoripun imam Zakharia awit kaparingan putra Yohanes. Ing pamujinipun Zakharia rumaos bingah karana Gusti Allah kersa mirengaken pandonganipun lan maringi putra dateng piyambakipun. Gusti Allah nedahaken Sih Rahmatipun ingkang ageng. Karana punika ing ayat 76 – 79, Zakharia medharaken nubuat dateng putranipun Yohanes, “Dene kowe, ngger, anakku bakal kasebut nabining Allah kang Mahaluhur, amarga kowe bakal lumaku dadi cecala ndisiki tindake Pangeran prelu nyawisake dalan kagem Panjenengane,…”. Lan saestu nalika Yohanes sampun dewasa, piyambakipun dipun agem Gusti Allah minangka sarana margi kagem rawuhipun Gusti Yesus. Gesangipun Yohanes tansah madhangi lampahing gesang para tiyang Yahudi ingkang taksih wonten pepeteng. Lumantar Yohanes katah tiyang ingkang mratobat dateng Gusti Allah saha kabaptis ing lepen Yordan.

Lumebet wulan Penciptaan punika, kita dipun ajak ngraosaken bilih Gusti Allah saestu tresna dateng manungsa lan sedaya titahipun. Tugas lan tanggeljawab kita tansah ngrimati lan ngupaya kelestarianing alam titahipun Gusti punika. Kados anggen kita maringi nami dateng putra putri kita kanthi nami ingkang sae lan kebak maknanipun, manggo kita ugi maringi nami anggen kita nindakaken gesang lan pakaryan kita. Misalipun tentrem, sukor, tresna, wilujeng lsp. supados sedaya saged kalaksanan kanthi kasembadan miturut karsanipun Gusti. (AR).

“Nami ingkang sae tansah nuwuhaken pangajeng-ajeng ingkang sae”

 

Renungan Harian

Renungan Harian Anak