Waosan : Yesaya 58 : 1 – 12 | Pamuji : KPK. 45
Nats: “Pasa sing Dakkersakake kuwi mangkene: Nguculana rantening panyia-nyia mbuwango momotan sing ora adil, luwarana wong sing ditindhes!” (Ay. 6)
Kita asring klentu anggenipun mirsani tata lair praenipun tetiyang. Tiyang ingkang ngagem busana sae, tiyang ingkang sregep ngibadah, tiyang ingkang ngendikanipun ngremenaken lan sanesipun menika asring kita anggep bilih gesangipun inggih sae. Kasunyatanipun tiyang ingkang mekaten kalawau dereng tamtu tindak tanduk lan jati dhirinipun inggih sanyata sae.
Wonten ing tivi lan ing media sosial, kita asring mirsani bilih menapa ingkang dipungambaraken sae ananging kasunyatanipun malah mboten sae. Contonipun kita pirsa bilih brayatipun Gading kaliyan Gisel, ing media sosial kagambaraken brayatipun bingah, tentrem lan kacekapan. Nanging rikala tahun 2018 kasunyatanipun brayat menika nemtokaken bilih brayatipun pisahan. Lajeng kathah ingkang pitakenan: kenging menapa pisah, kadosipun brayatipun Gading sae kemawon?
Ing waosan Yesaya dinten menika, dipungambaraken bilih kathah umatipun Gusti ingkang nindakaken pangibadah lan siyam namung tata lair kemawon. Ing kasunyatanipun, para umatipun Gusti sanadyan ngibadah, ananging taksih nindakaken perkawis gesang ingkang tujuanipun kangge kepentinganipun piyambak. Pangibadah mboten dipunkantheni kaliyan gesang ingkang perduli dhumateng tiyang sanes.
Gusti paring piwucal bilih sok sintena ingkang mangibadah kedhahipun mboten namung tata lair kemawon. Pangibadah ingkang dipuntindhakaken ugi dipunsarengi kaliyan tindak tanduk gesang ing padintenan. Pangibadah ingkang ndadosaken iman kapitadosan tansaya ngrembaka lan ndadosaken tindak tanduk ingkang migunani kangge sadaya tumitah. Pramila sumangga kita ngudi pangibadah mboten namung tata lair kemawon, supados katinggal sae. Ananging sumangga kita nindakaken pangibadah menika wonten ing sadaya tindak-tanduk gesang kita. Amin (MM).
“Sing sapa ngibadah, tamtu antuk berkah”