Kekiyatan Ingkang Ngedap-edapi Renungan Harian 1 Maret 2020

1 March 2020

Waosan :  Matius 4 : 1 – 11 |  Pamuji :  KPJ. 275:1,2
Nats
: “Ing kono Gusti Yesus banjur ngandika marang iblis: “Wis, lungaa, setan! Sabab ana tulisan mangkene: Pangeran Allahira kang kudu sira sembah lan panjenengane Piyambak kang kudu sira abekteni” (Ay.10)

Saben tiyang ingkang kepingin dados juara wonten pertandingan, bakal ngupadi cara kadospundi saged menang wonten ing pertandingan. Bakal ningali lan madosi kekirangan lan kelemahan mengsahipun. Tiyang menika mesthi ngupaya tumemen supados dados juara, kanthi cara menapa kemawon, ingkang baku saged dados juara. Perkawis ingkang mekaten, saged kelampahan wonten ing babagan pundi kemawon.

Wonten ing waosan kita, Matius 4:1-11 nyariosaken kadospundi pepinginanipun Iblis badhe ngawonaken Gusti Yesus. Kanthi mawarni warni cara ngupadi supados Gusti Yesus manut dumateng piyambakipun. Nalika semanten, Gusti Yesus katuntun dening Roh tumuju dumateng ara-ara samun supaya kagodha dening Iblis. Katuntun dening Roh, artosipun Gusti Yesus dipun kuwaosi dening Roh Allah, sedaya gesangipun sampun kagungan kekiyatan ingkang ngedap-edapi (dahsyat lan luar biasa).

Pacoben ingkang kaping sepisan, “Manawi Panjenengan putraning Allah, sumangga sela-sela punika Panjenengan sabdakaken dados roti”. Menika ugi ingkang asring dados panggoda ing gesang kita, perkawis kabetahan pokok/dasar arupi tetedan. Pacoben ingkang kaping kalih, pacobenipun supados Gusti Yesus anjlok saking padaleman suci. Lan pacoben ingkang kaping tiga supados Gusti Yesus nyembah dumateng Iblis. Saking sedaya pacoben menika, Gusti Yesus saged ngadepi kanthi kekiyatan ingkang ngedap-edapi, karana sampun katutun dening Sang Roh. Gusti Yesus mboten manut dateng iblis, nanging manut dateng Gusti Allah. Pacoben menika saestu luar biasa kiyatipun, nanging Gusti Yesus langkung luar biasa katimbang si iblis, karana Gusti Yesus sampun kagungan kekiyatan, inggih menika saking Gusti Allah.

Perkawis pacoben menika asring kita lampahi wonten ing gesang kita. Gesang kita asring nampeni pacoben ingkang mawarni warni. Nanging sumangga gesang kita sami pasrah lan tumuju dumateng Gusti Allah kemawon. Kita ingkang sampun dipuntimbali dening Gusti dados panderekipun, tamtu Gusti tansah nganthi kita. (AW).

“Gusti tamtu paring margi ingkang sae” (I Kor. 10:13)

Renungan Harian

Renungan Harian Anak