Gesang Ingkang Migunani Pancaran Air Hidup 29 Februari 2024

29 February 2024

Waosan: 1 Petrus 2 : 4 – 10 | Pamuji: KPJ. 175 : 1
Nats:  “Kowe, kang maune dudu umate Gusti Allah, nanging saiki wus dadi umate, sing maune ora padha diwelasi, nanging saiki wus tampa kawelasan.” (Ayat 10)

Sumangga kita sami niti priksa gesang kita piyambak, “Punapa gesang kita sampun migunani kangge tiyang sanes?” Pitakenan punika mbetahaken kajujuran kita kangge jawab. Mbok menawi wonten ingkang badhe mangsuli bilih gesangipun punika sampun migunani kangge sesami. Nanging ugi wonten ingkang rumaos bilih gesangipun punika dereng saged migunani kangge tiyang sanes. Piyambakipun rumaos  gesangipun mboten migunani sae kangge kulawarga, pasamuwan, lan masyarakat. Tamtu sedaya wangsulan pitakenan punika sah kemawon kita rasoaken ing gesang kita, nanging sumangga kita tingali malih kawontenan kita, supados kita saged nindakaken gesang sarana mangertosi kawontenan dhiri kita lan sedya kangge nindakaken tugas tanggel jawab kita kanthi saestu.

Watu pilihan ingkang asalipun saking watu ingkang dipun tampik kaliyan tukang damel griya, nedahaken bilih gesang umat pitados punika saestu gesang ingkang binerkahan. Manungsa  ingkang asalipun mboten wonten ajinipun lajeng dipun piji dening Gusti dados umat pilihan-Ipun. Nanging ingkang wigati punika asring kita mboten sadar bilih gesang ingkang dipun paringaken dhateng kita punika gesang ingkang istimewa kebak berkah. Mila anggen kita nindakaken gesang sampun ngantos sembrono lan nglirwakaken angger-angger lan pepakenipun Gusti. Kita kedah mbangun gesang ingkang migunani.

Gusti sampun ndadosaken kita umat pilihan-Ipun, kita ingkang waunipun kebak  dosa, sapunika dipun piji  dening Gusti dados umat-Ipun ingkang migunani. Mila sumangga kita tansah enget lan nindakaken karsanipun Gusti salebeting gesang kita padintenan. Kita punika sampun dipun piji, mila gesang kita kedah saged dados berkah lan migunani dhateng sesami. Leres bilih kasunyatan gesang punika mboten gampil, nanging sampun ngantos ndadosaken kita mblenjani pakaryan Gusti lan sembrono nglampahi gesang. Mangga kita saged dados talanging berkah, ingkang nglajengaken pakaryan lan katresnan-Ipun Gusti Allah dhateng sedaya titah. Mangga kita mbangun gesang ingkang migunani ing salebeting kekirangan lan karingkihan sesami. Amin. [gfc].

“Wonten ing keringkihan kita diutus migunani ing liyan, lan ing Gusti kita nampeni kesagedtan”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak