Waosan: Pangentasan 19 : 9b – 15 | Pamuji: KPJ. 279
Nats: “Nabi Musa banjur tumedhak saka ing gunung murugi bangsa iku, padha didhawuhi supaya sesuci lan ngumbahi sandhangane.” (Ayat 14)
Kala rumiyin nalika eyang putri taksih gesang, saben dinten Sabtu ing wanci dalu, eyang putri tansah nyawisaken rasukan kangge tindak greja. Mekaten ugi Kitab Suci sarta kidung sampun katata rancak ing salebeting tas ingkang badhe dipun beta. Sedaya punika dipun lampahi sesarengan kaliyan pacawisan sacara manah, mboten pareng duka utawi nyimpen pangganggit ingkang ala, supados tekad kangge ngabekti lan sowan dhumateng Gusti Allah punika mboten badhe muspra.
Waosan kita ing wekdal punika ugi paring cariyos bab pacawisan ingkang kedah dipun lampahi dening Bangsa Israel. Bangsa Israel punika badhe pepanggihan kaliyan Gusti Allah, satemah Gusti Allah paring dhawuh lumantar Nabi Musa supados Bangsa Israel nyawisaken dhiri lumantar kasedyan kangge sesuci. Kasucen punika kawujudaken lumantar tumindak ngumbahi sandhangan utawi rasukan lan njagi kasucen ing salebeting manah sarta panggalih. Sedaya punika mratandhani bilih prastawa pepanggihan kaliyan Gusti Allah punika sawijining prastawa ingkang penting, satemah sedaya punika tansah dipun sarengi kaliyan pacawisan ingkang tumemen. Kasedyan bangsa Israel kangge sesuci lan netepi dhawuhipun Gusti punika wujuding kamursidan ingkang sayekti.
Sapunika kita sampun lumampah ing salebeting mangsa Pra-Paskah, mangsa ingkang penting sacara kaimanan amargi kita kaajak ngraosaken malih katresnanipun Gusti Allah lumantar pangurbananipun Sang Kristus. Mangsa Pra-Paskah punika ugi kasempatan kangge kita cecawis, nyawisaken dhiri sarta nyawisaken manah. Kita saged nyawisaken dhiri lan manah sarta penggalih lumantar kasedyan kangge sesuci. Nyiriki pangganggit sarta tumindak ingkang ala, ngresiki manah sarta dhiri saking maneka werna babagan ingkang nebihaken kita saking Gusti, sarta nyeyuwun mugi Gusti kersa njangkepi punapa ingkang kita upadi. Kasedyan kita kangge nyawisaken manah sarta dhiri punika dados wujudipun kamursidan ingkang sayekti. Bilih dinten padintenan punika tansah kita lampahi kalayan manah ingkang ngener ing ngarsanipun Gusti, sarta pambudidaya nyawisaken dhiri, tamtu mangsa Pra-Paskah punika mboten badhe muspra. Nanging, badhe dados kasempatan kangge kita miwiti utawi nyampurnakaken pakulinan ingkang becik ing salebeting pigesangan. Sumangga kita lampahi mangsa Pra-Paskah punika lumantar maneka werna pacawisan ingkang saged dados wujuding kamursidan kita. Amin. [xie].
“Gesang mursid yekti, cecawis kanthi trusing ati.”