Waosan: Yeremia 23 : 1 – 8 | Pamuji: KPJ. 112
Nats: “Lan Ingsun piyambak bakal ngempalake kekarene wedhus-wedhusingSun saka ing tanah anggoningSun mbuyarake lan bakal nggiring bali menyang ing pangonane maneh; iku banjur bakal tangkar-tumangkar lan wuwuh akeh.” (Ayat 3)
Nalika kita dados siswa SD, tamtu kita nggadah kenangan nalika wonten sekolah. Mbok menawi wonten ingkang nate telat mlebet sekolah, mboten nggarap tugas, klentu damel sragam, keturon ing kelas, lsp. Biasanipun murid ingkang nglanggar aturan sekolah punika badhe dipun ukum lan ukumanipun macem-macem. Bapak ibu guru biasanipun sampun apal kaliyan para siswanipun lan tansah nggatosaken kawontenan para siswanipun punika. Senadyan wonten siswa ingkang nakal, bapak ibu guru mesti tetap nresnani sadaya siswanipun kanthi temen. Bilih wonten siswa ingkang mboten mlebet sekolah, bapak ibu guru badhe madosi, ngantos dugeni dhateng griyanipun, kangge ngecek kenging punapa siswanipun punika mboten mlebet sekolah.
Sikap bapak ibu guru punika nedahaken sih katresnan lan welas asih kadosdene Gusti Allah ingkang dipun gambaraken wonten ing Yeremia 23:1, “Bilai para pangon kang ngetogake bae wedhus-wedhus ngonngonaningSun padha ilang lan buyar!” Nabi Yeremia ngancem dhateng para pangarsaning bangsa Yehuda ingkang dados juru pangon nanging mboten nggatosaken lampah gesangipun para umat ingkang sangsara, kesasar, lan prihatos. Ing ayat 3 kasebataken, “Lan Ingsun piyambak bakal ngempalake kekarene wedhus-wedhusingSun saka ing tanah anggoningSun mbuyarake lan bakal nggiring bali menyang ing pangonane maneh; iku banjur bakal tangkar-tumangkar lan wuwuh akeh.” Gusti Allah mboten sare, Gusti Allah nresnani umat-Ipun sinaosa ngalami kasangsaran lan buyar. Gusti Allah karsa mitulungi umatipun Yehuda, supados mboten ngraosaken kasangsaran lan saged ngraosaken kabingahan awit dipun tresnani Gusti.
Nalika kula lan panjenengan ngraosaken kasangsaran, kesasar, lan prihatos, sejatosipun kita dipun gatosaken Gusti lumantar brayat kita, sedherek kita, lan sanesipun. Sumangga kita sesarengan sami ngraosaken bilih Gusti Allah punika saestu nggatosaken lan nresnani kita sadaya. Mangga kita dados umatipun Gusti ingkang kebak saos sokur lan purun nggatosaken sedherek-sedherek kita sanesipun ingkang ngalami kasangsaran, kasasar lan prihatos ing gesangipun. Gusti Yesus paring kasagedan dhateng kita. Amin. [LEN].
“Gusti Allah tansah nggatosaken lan nresnani umatipun.”