Pitados Kaliyan Pakaryanipun Gusti Pancaran Air Hidup 29 April 2025

29 April 2025

Waosan: Ester 8 : 1 – 17  |  Pamuji: KPJ. 123 : 1
Nats: “Mangkono uga ing sawiji-wijining kutha lan dhaerah, ngendi bae kang katekan dhawuh undhang-undhanging Sang Prabu mau, wonge Yahudi padha bungah-bungah lan sukarena, padha nganakake pista lan riyaya, …” (Ayat 17)

Wonten ing salah satunggaling video youtube, wonten video dokumenter ingkang nyariosaken kuda nil nulungi singa ingkang ringkih. Ing video punika ketingal wonten singa ingkang ringkih punika pepanggih kaliyan singa-singa sanesipun. Singa ingkang ringkih punika ketingalipun nembe cidera amargi dipun cakar kaliyan singa sanesipun. Amargi singa punika ringkih lan lemes badanipun, singa punika kawon kaliyan singa sanesipun. Ing satengahing padu punika, ndadak wonten kuda nil medal saking lepan ngusir singa-singa ingkang ala punika. Singa ingkang ringkih punika pungkasanipun slamet. Saking video punika, kita saged ningali bilih pitulungan punika saged dumugi sintena kemawon.

Waosan kita ing dinten punika nyariosaken bab pakaryanipun Gusti Allah lumantar Prabu Ahasyweros ratuing Persia. Ing zaman Prabu Ahasyweros, tiyang Yahudi nggadahi status dados tiyang manca ing negri Persia. Amargi tiyang Yahudi punika tiyang manca ingkang alit, tiyang Yahudi punika asring dipun anggep asor kaliyan tiyang Persia. Punapa malih wonten tiyang ingkang naminipun Haman, ingkang nggadhahi sifat angkara dhateng tiyang Yahudi. Nalika wonten bebaya ing satengahing tiyang Yahudi, Gusti Allah makarya lumantar Prabu Ahasyweros. Lumantar Ester, manahipun sang prabu rumaos prihatin kaliyan kawontenanipun tiyang Yahudi. Lumantar undang-undang enggal, Prabu Ahasyweros paring palilah supados tiyang Yahudi punika nggadahi hak saged numpes tiyang ingkang badhe tumindak piawon. Lumantar palilah saking sang prabu punika, Ester lan tiyang Yahudi ngraosaken katentreman.

Saking waosan kita, kita saged sinau bilih Gusti Allah punika mboten nate nilar kita. Nalika kita ngadhepi situasi ingkang ewed wonten ing gesang kita, Gusti Allah tansah makarya nulungi kita lumantar tiyang sanes ing sakiwa tengen gesang kita. Sanadyan tiyang ingkang dipun agem kaliyan Gusti Allah punika tiyang ingkang dereng kita tepangi, Gusti Allah tetep saged paring pitulungan lumantar tiyang punika. Gesang kita tamtunipun kathah tantangan lan pepalang, nanging mangga kita tansah pitados dhumateng Gusti. Gusti Allah sanes Gusti ingkang nilar umatipun. Pramila menawi kita ngalami kahanan ingkang ewet kadosdene tiyang Yahudi wonten ing tlatah Persia, mangga sami pitados, Gusti Allah kagungan maneka cara lan media kangge nulungi gesang kita. Amin. [GSC].

“Pracayaa yen samukawis ingkang endah bakal kelakon!”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak