Waosan : Yokanan 21 : 1 – 14 | Pamuji : KPJ. 144 : 1, 2
Nats: Pangandikane Yesus, “Jalamu tibakna ing satengene prau, temah kowe bakal padha oleh.” Jalane nuli ditibakake, nanging ora kena ditarik, awit saka akehing iwak.” (Ay. 6)
Wonten lagu anak-anak ingkang kaparingan irah-irahan Hidup Tanpa Yesus S’perti Donat. Ingkang kados mekaten syairipun:
Hidup tanpa Yesus sperti donat
Sperti donat, sperti donat
Hidup tanpa Yesus sperti donat
Ada lubang di dalam hatinya
Lumantar syair menika kita sami saged mangertosi bilih nalika manungsa gesang piyambakan ateges mboten manut miturut kalian Gusti Yesus utawi tebih saking Gusti pramila gesangipun kados dene donat ingkang bolong tengahipun.
Wonten ing ngriki para sakabat ngraosaken piyambak kados pundi gesang piyambakan tebih saking Gusti Yesus. Nalika Gusti Yesus seda lan mboten sareng-sareng malih kaliyan para sakabat, pramila Petrus mundut keputusan njala ulam malih. Wonten ing ngriki rencang-rencangipun ugi nderek njala ulam ananging sedalu muput angenipun njala malah gagal mboten angsal menapa-menapa. Ing kahanan ingkang kados mekaten menika lajeng Gusti Yesus rawuh, manggihi para sakabat.
Gusti Yesus pirsa bilih para sakabat mboten angsal menapa-menapa. Kenging menapa Gusti Yesus kok mboten enggal paring pitulungan? Kok ngrantos sedalu muput? Wangsulanipun amargi para sakabat kedah ngraosaken gagal langkung rumiyin. Anaging kegagalan ing ngriki sanes syarat utami tumuju sukses. Menawi tiyang jaler ingkang kaanggep tiyang asing enggal-enggal paring saran ing wiwitan mbok bilih mesti dipuntampik. Ananging nalika sampun ngraosaken gagal sedalu muput pramila para sakabat purun mirengaken pangandikanipun Gusti Yesus.
Lumantar pengalaman ingkang sampun dipunalami dening para sakabat. Kita saged sinau sesarengan supados kita tansah mirengaken pangandikanipun Gusti Yesus. Mbok bilih sakmangke kita rumaos gagal wonten ing gesang menika kamangka kita nggadahi kakiyatan, kapinteran lan kesagedan. Sampun supe mirengaken suwantenipun Gusti, awit Gusti mboten bakal negakaken kita lan mesti paring pitulungan saha kakiyatan. (Wee)
“Sok sintena ingkang purun mirengaken pangandikanipun Gusti tansah dipun kanthi dening Gusti.”