Waosan: Yoel 3 : 9 – 21 | Pamuji: KPJ. 74
Nmats: “Nanging Sang Yehuwah dadi pangungsen tumrap umate, lan dadi beteng tumrap wong Israel.” (Ayat 16)
Cobi kita galih lan raosaken: “Punapa wujuding Gusti Allah rawuh wonten ing satengah-tengahing gesang kita?” Mbok bilih wonten ingkang badhe mangsuli “urip tentrem rahayu”, “gesang tansah kacekapan”, “kaparingan berkah kawilujengan”, lsp. Inggih leres sadaya, nanging punapa kita saged ngraosaken Gusti Allah wonten ing satengahing gesang kita nalika kita nandang kasangsaran, kekirangan, lan sakit? Sejatosipun Gusti Allah setya nunggil lan ngrimati kita ing sadaya kahanan, sae punika kahanan ingkang bingahaken ugi kahanan sisah. Ingkang sadaya kahanan punika, Gusti ngersakaken kita tansah saos sokur, awit saos sokur punika ndadosaken kita sadar bilih Gusti Allah nunggil gesang kita, nganthi kita, ngrimati kita, saha paring kawilujengan dhateng kita.
Waosan kita dinten punika nyariosaken Gusti Allah ingkang rawuh ing satengah-tengahing gesang umat-Ipun, Israel. Ingkang kaping pisan, rawuhipun Gusti Allah punika dipun nyatakaken lumantar paukuman-Ipun dhateng umat ingkang mboten setya. Badhe wonten panindesan, perang, kasangsaran ingkang dipun alami umat Israel (Ay. 10). Gusti Allah rawuh minangka hakim ingkang ngadili umat-Ipun ingkang sampun tumindak dosa (Ay. 12). Selajengipun Gusti Allah rawuh saperlu ngayomi para umat ingkang mratobat. Panguwaos-Ipun kados Singa ingkang ngaum, ingkang siyap nulungi umat-Ipun (Ay. 16). Kados ayat nats kita ingkang nyebataken, “Sang Yehuwah dadi pangungsen tumrap umate, lan dadi beteng tumrap wong Israel.” Salajengipun umat Israel saged ngraosaken sukabingah lan berkah saking Gusti ingkang luber ing satengahing gesangipun.
Gesanging manungsa punika kawontenanipun kados roda, kadang nemahi kahanan ingkang bingahaken, sukses, lan kepenak, nanging kadang nemahi kahanan sisah, gagal, lan rekaos. Pangandikanipun Gusti ing dinten punika, ngajak kita sami mawas dhiri. Ing wulan budaya punika kita kedah mbangun sikep gesang mawas dhiri. Tegesipun kita saged ngraosaken lan nyadari bilih Gusti Allah mboten nate nilar kita ing sadaya kahanan gesang kita. Srana mawas dhiri kita mangertos bilih Gusti Allah tansah ngiyataken kita, nglipur kita, lan nyatakaken sih rahmat-Ipun dhateng kita. Mangga kita lampahi gesang punika srana mawas dhiri awit kita pitados Gusti Allah tansah nganthi lan nunggil kita. Gusti Allah wonten ing satengahing gesang kita. Amin. [AR].
“Mawas dhiri ndadosaken kita sadar bilih kita mboten nate gesang piyambakan.”