Kamulyan Namung Kagem Gusti Pancaran Air Hidup 29 Agustus 2023

Waosan: Roma 11 : 33 – 36 | Pamuji: KPJ. 62 : 1, 2
Nats: “Awitdene anane samubarang kabeh iku saka ing Panjenengane, sarta lumadi marang Panjenengane: Kamulyan kagema ing Panjenengane salawas-lawase!” (Ayat 36)

Wonten satunggaling pasamuwan ingkang mbangun grejanipun. Sadaya uba rampe kangge mbangun greja punika dipun cawisaken kanthi prayogi. Wiwit ndamel panitia pambangunan greja, ngrancang gambaripun greja enggal, ngetang anggaran ingkang dipun betahaken kangge mbangun, pados tukang lan kuli, nata jadwal sinten kemawon warga ingkang kerja bakti, lsp. Sadaya punika dipun tata kanthi sae supados pambangunan greja punika saged sae kasilipun. Sadaya warga ndherek nyengkuyung ing pandonga lan pisungsung dana amrih pambangunan greja punika saged lancar. Ing pungkasanipun greja punika rampung, para warga pasamuwan sami bingah lan saos sukur karana saged ngabekti ing papan greja ingkang langkung sae lan cekap kangge para warga ngabekti dhateng Gusti. Lan sadaya sami sadar,  punapa ingkang dipun tindakaken lan dipun pisungsungaken kangge pambangunan greja punika namung kagem kamulyanipun Gusti.

Saestu endah bilih kawontenan pambangunan greja kados ing inggil saged kasunyatan. Rasul Paulus paring pepenget dhateng pasamuwan ing kutha Rum, menawi Gusti Allah punika ageng sanget sih katresnanipun dhateng para manungsa, sae punika tiyang Yahudi ugi tiyang non Yahudi. Sanadyan tiyang Yahudi nate nampik Gusti Yesus, Gusti Allah tetap nedahaken sih rahmat lan katresnanipun dhateng tiyang Yahudi. Saking panguwaosipun ingkang agung, Gusti Allah ugi karsa paring kawilujengan dhateng bangsa-bangsa sanes ing donya punika. Karana punika rasul Paulus ngengetaken pasamuwan ing Rum, bilih boten wonten ingkang saged nandingi sihipun Gusti Allah. Rasul Paulus ngengetaken pasamuwan Rum manawi kawontenanipun  samubarang ing donya punika pinangkanipun saking Gusti. Sadaya kadadosan awit saking Panjenenganipun lan sadaya kamulyan punika namung kagem Panjenenganipun.

Menawi kita sapunika taksih kaparingan gesang, kasarasan lan kakiyatan kangge nindakaken pakaryan kita, punika wujud berkahipun Gusti dhateng kita. Menawi greja kita taksih saged mbangun greja lan ngawontenaken paladosan dhateng sadaya warganing pasamuwan wiwit anak ngantos adi yuswa, punika wujud sih rahmatipun Gusti. Mekaten ugi menawi kita saged luwar saking sakatahing pambenganing gesang, punika tandha bilih Gusti nganthi gesang kita, awit sadaya ingkang kita tampi lan raosaken namung kagem kamulyanipun Gusti. Amin. [AR].

“Pinujia lan kamulyakna Gusti Allah ingkang setya ngrimati lan nresnani kita.”

 

Bagikan Entri Ini: