Tilang Renungan Harian 28 Januari 2018

28 January 2018

 Waosan: Pangandharing Toret 18:15-20 Pamuji: KPK 148
Nats
: “Sapa wong kang ora ngestokake ing pangandikaningSun….iku mesthi Sunpundhut tanggung-jawabe” (ayat 19)

Punapa panjenengan nate dipun tilang dening polisi? Kenging punapa dipun tilang? Punapa ingkang panjenengan raosaken lan lampahi? Mbok menawi ing manah panjenengan wonten raos ajrih, bingung, kuwatos lan isin.  Wonten tiyang ingkang ngajak “damai”. Wonten malih tiyang ingkang dipun tilang malah ngamuk lan ngajak padu petugas, awit rumaos gadhahi panguwaos. Punapa punika leres? Tamtunipun mboten. Menawi kita nitih kendaraan bermotor pancen kedah nglampahi pranataning lalu lintas. Umpaminipun: kedah kagungan SIM, ngasta STNK, ngagem helm menawi nitih sepeda motor, lan sakpiturutipun. Kita kedah tanggel jawab menawi dipun tilang polisi amargi nerak pranataning lalu lintas. Tanggel jawab punika dipun lampahi  kanthi mbayar denda.

Tanggel jawab kedah dipun lampahi menawi nerak lan boten ngestokaken pranatan. Langkung-langkung menawi nerak lan boten ngestokaken pangandikanipun Gusti. Kados dhawuh pangandikanipun Gusti ing dinten punika, “Sapa wong kang ora ngestokake ing pangandikaningSun………iku mesthi Sunpundhut tanggung-jawabe”.  Gusti ngegetaken dhateng sedaya umat supados tansah ngestokaken pangandikanipun, sampun ngantos nglampahi jejember. Paukuman badhe katampi dening umat menawi mboten ngestokaken dhawuhipun. Punika kados ingkang dipun raosaken dening umat Israel, rikala lumebet ing tanah Kanaan. Umat Israel dipun engetaken supados boten nglampahi jejember kados ingkang dipun lampahi dening bangsa sanes.

Kita kedah tansah waspada, awit panggodha ing sakiwa tengen kita kathah sanget. Karingkihan  asring ndadosaken kita dhawah nerak pangandikanipun Gusti. Sampun ngantos kita supe dhateng pangandikanipun Gusti ingkang kaserat ing Kitab Suci. Sumangga kita sami nggatosaken pangandikanipun. Nanging menawi kita lepat, kedah tanggel jawab. Amin (SWT).

“Rungokna Pangandikanya, aja padha semaya”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak