Waosan: Yakobus 5 : 1 – 6 | Pamuji: KPJ. 196 : 1, 3
Nats: “Ana ing bumi iki kowe wus urip mukti sarta seneng-seneng. Kowe wus padha nyeneng-nyenengake atimu, kaya ing dina pasembelehan.” (Ayat 5)
Tembung “sugih” kagem tiyang Jawa ateges kahanan ingkang kathah utawi luber. Contonipun tembung “sugih crita” punika tegesipun tiyang ingkang remen crita utawi ndongeng lan kathah ingkang dipun cariosaken. Wonten malih “sugih bandha” punika tegesipun tiyang ingkang nggadahi bandha utawi arta ingkang kathah. “Sugih” punika dados tembung ingkang sae menawi kita raosaken sesarengan, ananging kenging punapa wonten ing waosan kita Yakobus 5:1-6 punika isinipun bab pepeling kangge tiyang sugih mliginipun bab bandha donya? Punapa tiyang Kristen mboten angsal sugih? Padahal kathah tiyang Kristen ingkang kawontenanipun sugih bandha.
Sugih bandha punika sejatosipun mboten mesti awon utawi salah. Ananging caranipun manungsa anggenipun nanggepi kawontenanipun ingkang sugih punika ingkang penting. Pepeling ingkang dipun aturaken dening Yakobus punika supados manungsa mboten ngantos dados tiyang ingkang kedonyan. Tiyang ingkang namung mburu bandha donya lan mburu status dados tiyang sugih. Sampun ngantos manungsa punika diperbudak kaliyan bandha ing donya. Pramila ing ayat 2 kaserat : “Kasugihanmu wis bosok sarta sandhanganmu padha kamangsa ing renget.” Ayat punika negesaken bilih kasugihan ingkang umumipun dados kebanggaan sejatosipun mboten abadi lan saged ical utawi telas. Karana namung mburu kasugihan manungsa saged dados tiyang ingkang mboten peduli dhateng sesaminipun kados ingkang kaserat wonten ing ayat 4: “Sajatine wus kaprungu panguwuh-uwuh, amarga opahing buruh kang wis padha ngeneni pametuning tegalmu koktahan, pangresulane wong kang padha derep wis kapireng ing talingane Pangeraning sakabehe tumitah.”
Dados sugih punika sejatosipun mboten salah nanging manungsa ingkang kadang kesupen kaliyan timbalanipun karana mburu bandha utawi kasugihan punika. Kahanan sugih punika sejatosipun sae menawi kita saged dados berkat kangge sesami lan tetep ngugemi dhawuhipun Gusti. Sedaya kedhah dipun kendaleni dening dhawuhipun Gusti supados kita mboten dados tiyang ingkang kadonyan nanging saged ta dados tiyang ingkang remen andhum berkah dhateng sesami. Menawi sampun mekaten kita mesthi dados tiyang ingkang kebak saos sokur. Amin. [Kuh.C].
“Sugih ananging sampun ngantos kadonyan”