Waosan: Yeremia 33 : 1 – 11 ǀ Pamuji: KPJ. 125
Nats: “Sesambata marang Ingsun, Ingsun mesthi bakal maringi wangsulan marang sira, lan Ingsun bakal paring sumurup marang sira, prakara-prakara kang gedhe lan kang sinamar, yaiku bab-bab kang ora sira sumurupi.” (Ayat 3).
Karana pandemi virus Corona, Pak Bejo lan pak Alex ngraosaken kaanan ingkang ewet. Sacara ekonomi ngalami karibetan. Bab punika ndadosaken pak Alex tansah kuwatos lan ajrih sanget. Dhahar raosipun boten sekeca lan sare nggih boten saged. Senaosa kaananipun ugi ewet, pak Bejo kagungan pemanggih benten. Boten kados pak Alex, pak Bejo nglampahi gesang kados nalika dereng wonten pandemi. Dhahar tetep sekeca lan sare nggih angler. Pak Bejo pitados bilih ing sadhengah prekawis punika Gusti makarya, kalebet ing satengahing prastawa pandemi punika. Pramila pak Bejo tansah saos sokur lan kagungan pemanggih mekaten: “Aku duwe Gusti kang maha mirsa. Urip iku peparing… dadi yen aku rumangsa kabotan nglakoni urip, ya aku sambat lan matur karo sing kagungan urip.”
Punapa ingkang dipun alami dening pak Alex punika kadosdene bangsa Israel ingkang saweg ing pangawulan Babel. “Sambata marang Allah”, punika ingkang ndadosaken bangsa punika angsal kekiyatan lan semangat ngadhepi kahanan ing ngajeng. Pemanggih bilih kadosa pundi awratipun masalah pigesangan, nanging menawi Gusti makarya lan pirsa pasambat kita, badhe murugaklen raos sokur ingkang ageng. Pramila, Yeremia ngatag dhumateng umat Israel supados nggadhahi pengaken lan pengajeng-ajeng ageng ing Gusti Allah. Katresnanipun punika adi.
Momotan lan panandhang ingkang kaalami punika mesthi badhe pulih. “Benjing punapa badhe pulih? Ngantos kapan kula nengga Gusti makarya?” Pitakenan punika asring dipun aturaken. Mila sumangga kita tansah ngenget-enget pakaryan agengipun Gusti ingkang sampun kebabar ing gesang kita. Kanthi punika kita saged saos sokur senadyan karibetanipun dereng sumingkir. Senaosa kahanan dereng nyembadani pepenginan kita, nanging pengajeng-ajeng ingkang kados mekaten badhe dados kekiyatan lan daya kangge kita nglajengaken pigesangan. Menawi Gusti sampun saestu nresnani kita, mila minangka putra ingkang dipun tresnani, sumangga kita andum katresnan ing pigesangan. Amin. [KRW].
“Pitados bilih Gusti mirsa lan nguwaosi gesang kita, tansah murugaken saos sokur ingkang ageng.”