Api Unggun Pancaran Air Hidup 27 November 2025

27 November 2025

Waosan: Yakobus 4 : 1 – 10  |  Pamuji: KPJ. 106
Nats: “Padha nyedhakana marang Gusti Allah; Gusti Allah bakal nyelaki kowe.” (Ayat 8)

Nanin lan kanca-kancanipun sami ndherek Perkemahan Sabtu-Minggu (Persami) ing lapangan sekolah. Rumaos cekap anggenipun cecawis, piyambakipun bidal kanthi raos bingah. Dumugi lapangan sekolah, saksampunipun masang tenda lan nata barang-barangipun, Nanin nembe kemutan bilih selimutipun mboten kabekta. Ing wanci dalu Nanin ngraosaken asrep lan mboten saged tilem. Kanthi raos sayah, Nanin pados cara supados saged ngaso tilem. Kaemutan bilih ing tengah lapangan wonten api unggun ingkang taksih murup, piyambakipun bekta alas kangge tilem ing cedhakipun api unggun. Nanin estu ngraosaken anget lan saged ngaso, ayem ngantos enjing. Cariyos punika nyumurupaken bilih manungsa kagungan akal budi kangge ngadhepi prekawis ing gesangipun.

Rasul Yakobus dhawuh tumrap sadaya pandherekipun Gusti, bilih sampun ngantos memitran kaliyan donya, awit jalari sesatron kaliyan Gusti Allah (Ay. 3). Wewanti punika awit saking cecongkrahan ing antawisipun para pandherekipun Gusti. Mboten sekedik para pandherekipun Gusti ingkang nindakaken gesang alandhesan hawa nepsu, nuruti ambisi-nipun, remen prekawis kadonyan, pengin jabatan, lsp. Cilakanipun sadaya sami tegel nindakaken mawi maneka cara, ugi cara ingkang awon supados saged nggayuh ingkang dipun pengini. Prekawis punika estu jalari dukanipun Gusti Allah. Pramila Rasul Yakobus estu wewanti dhateng para pandherekipun Gusti, bilih sesatron dhumateng Gusti Allah punika miwiti paukuman tumrap para umat, ingkang jalari sangsara, kadosta sejarahipun bangsa Israel ingkang asring sesambetanipun satru kaliyan Gusti lan wusananipun ngalami kasangsaran.

Ing mangsa Adven punika, mbok bilih kita nate ngraosaken kawontenan ingkang awrat. Gesang kita kagodha hawa nepsu ingkang jalari gesang kita anerak karsanipun Gusti lan ndadosaken gesang kita sansaya tebih saking Gusti. Sumangga kita migatosaken dhawuhipun Gusti lumantar Rasul Yakobus, kagambaraken kados Nanin ingkang ngraosaken asrep, mboten malah mendel, nanging purun nyelak ing sumbering panas, api unggun, kersane anget-ayem. Mekatena nalika kita gesang ing alam donya ngalami kawratan karana maneka werni masalah, sampun ngantos kita nebih saking Gusti lan patunggilanipun. Mangga kita nyelak lan ngupaya rumaket kaliyan Gusti, awit Gusti tansah nyelak lan paring panglipur sarta raos ayem tentrem ing gesang kita saben dinten. Amin. [mojoo].

Amung cedhak karo Gusti Allah, aku ngrasa ayem, kaslametanku iku saka ing Panjenengane.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak