Putra Karahayon Pancaran Air Hidup 27 November 2021

27 November 2021

Waosan: Jabur 25 : 1 – 10 | Pamuji: KPJ. 350
Nats:Lampah kawula mugi Paduka tuntun wonten ing kaleresan Paduka, lan kawula mugi Paduka wulang, amargi Paduka punika Allah ingkang paring karahayon dhumateng kawula…” (Ayat 5)

Pirsa Putra Mahkota? Putra mahkota punika putra raja ingkang mangke dumugi wancinipun badhe nggantosaken ramanipun dados raja. Pramila gesangipun putra mahkota punika kedah kagulawenthah kanthi saestu supados punapa ingkang dipun galih lan tindakaken punika boten sembarangan. Putra mahkota kedah ngladhi diri supados saestu siap lenggah ing singhasana kanthi wicaksana, mawas diri, atos-atos, lan tumindak leres.

Mekaten ugi ing gesang karohanen kita. Kita punika kasebat Putra Karahayon, karana Gusti Allah sampun paring karahayon dhumateng kita. Minangka putra Karahayon, sejatosipun kita boten saged gesang kanthi sembarangan lan manut pikajeng kita piyambak. Pandonganipun prabu Dawud kados ingkang kaserat ing waosan dinten punika kedah kita ugemi. Lampahing putra karahayon punika kedahipun tansah katuntun ing kaleresan lan kawulang ing kayekten. Ing satengahing donya ingkang kebak tantangan punika tamtu kathah panggoda ingkang saged murugaken para putra karahayon keli lan katut lumampah ing margi ingkang mblasar. Pramila sumangga disengkut anggen kita ndedonga lan nyenyuwun dhumateng Gusti Allah kados dene prabu Dawud.

Sumangga tansah enget, sinarengan kaliyan niat kita madeg setya dados putraning karahayon ingkang tumindak ing margining rahayu, panggodha lan reribet ingkang kaadhepi tansaya ageng. Sampun ngantos kendel lan nglokro, nanging tansaya kenceng gondhelan Gusti. Pramila, ing minggu-minggu Adven punika, sumangga kita mapag rawuhipun Gusti kanthi ngladhi diri supados tansaya mawas diri. Menawi kita saestu sampun setya njagi karahayon ingkang dipun paringaken, kita kalebet tiyang ingkang bingah lan sumadya mapag rawuhipun Gusti. Amin. [KRW].

“Donya kebak panggoda, mangga ngadhepi panggodha kanthi setya tuhu katuntun ing karahayonipun Allah”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak