Waosan: Jabur 33 : 12 – 22 | Pamuji: KPJ. 124 : 1
Nats: “Kabeh padha diwangun atine, sarta digatosake apa sapanggawene.” (Ayat 15)
“Tresna jalaran saka kulina” punika asring kita mirengaken nalika wonten tiyang jaler lan estri ingkang jatuh cinta. Raos ingkang dipun raosaken kaliyan kekalihipun punika tamtu raos ingkang mbingahaken, punapa malih nalika sang kekasih migatosaken prekawis-prekawis alit wonten gesang pasanganipun. Raosipun donya punika namung gadhahanipun tiyang ingkang jatuh cinta punika. Ananging raos ingkang mbingahaken punika saged dados raos ajrih lan kuwatos, nalika wonten salah satunggaling pasangan ingkang sampun mboten setya. Kuwatos pasanganipun mangertos bilih piyambakipun nggadhahi tiyang sanes, lajeng hubungan ingkang dipun wangun saged bubrah lan mboten dipun gatosaken malih.
Juru Mazmur ngemutaken kita bilih Gusti Allah tansah migatosaken gesangipun manungsa. Mboten namung ningali kemawon, ananging migatosaken sadaya ingkang dipun tindakaken manungsa. Pramila Juru Mazmur nyebataken bilih tiyang ingkang dipun gatosaken Gusti Allah punika dipun wastani tiyang ingkang rahayu. Awit mboten wonten tiyang ingkang saged nglampahi awrating gesang kaliyan kakiyatanipun piyambak, kejawi namung saking pitulunganipun Gusti Allah. Kadosdene ing waosan kita, “Kabeh padha diwangun atine, sarta digatosaken apa sapanggawene.” Punika nedhahaken bilih Gusti Allah tansah paring kawigatosanipun dhumateng manungsa. Matemah nalika manungsa dipun gatosaken Gusti Allah, gesangipun manungsa tamtu ngraosaken tentrem rahayu.
Dipun gatosaken manungsa kemawon ndadosaken manah kita bingah, punapa malih dipun gatosaken Gusti Allah. Bilih tiyang sanes namung saged paring semangat kangge kita, Gusti Allah saged paring kakiyatan lan pitulungan, supados kita saged nglampahi gesang kanthi manah ingkang kebak sukabingah. Ing wulan Kespel punika, kita sami dipun emutaken bilih Gusti Allah tansah nggatosaken gesang kita, mboten namung ningali lajeng ngeculaken, ananging Gusti Allah nggatosaken kita lan paring kakiyatan dhateng kita sami. Pramila, sumangga kita sami sumendhe dhumateng Gusti Allah, awit Panjenenganipun tansah nggatosaken punapa kemawon kawontenan gesang kita. Amin. [nda].
“Mboten namung ningali, ananging tansah dipun gatosaken ing sadhengah kawontenan kita!”