Waosan: 2 Korinta 7 : 2 – 16 | Pamuji: KPJ. 357 : 1 – 3
Nats: “… manawa kowe wus oleh papan ana ing atiku, temahan kita bareng urip lan bareng mati.” (Ayat 3)
Gesang sesarengan kaliyan tiyang ingkang benten punika mboten gampil, awit kala-kala saged nuwuhaken satru. Umpaminipun, kita nggadhahi pemanggih benten dhateng salah satunggale tiyang, awit kita ningali tiyang punika saking satunggal “sisih” kemawon. Punika tamtu saged ndadosaken salah paham, lajeng nuwuhaken satru. Punika nedahaken bilih gesang sesarengan, sae ing satengahe brayat, gereja lan masyarakat, punika saged gampil satru. Lajeng kados pundi supados kita saged mrantasi satru ingkang saged dados ancaman pigesangan sesarengan?
Tiyang Kristen ing Korinta wonten ingkang nggadhahi pemanggih awon tumrap Paulus. Pemanggih awon punika mboten karana warga Korinta kirang nampi pawartos, nanging karana manahipun. Tiyang-tiyang punika dereng saged maringi papan ing manahipun dhateng rasul Paulus. Warga Korinta kedahipun maringi papan ing manahipun kangge Rasul Paulus supados saged ningali kayekten lan peladosanipun Paulus. Paulus ngengetaken Warga Pasamuwan Korinta bab punapa ingkang dipun mangertosi, sinaosa wonten kemawon tiyang ingkang maringi kritikan dhateng piyambakipun tanpa alasan. Wekdal punika Paulus saweg ngempalaken dana kangge tiyang-tiyang Kristen ing Yudea, nanging punika mboten karana piyambakipun pados untung (1 Kor. 16:1-4). Ing satengahe raos kuciwa dhateng tiyang Korinta, Paulus mireng laporan saking Titus bilih mboten sedaya warga Pasamuwan Korinta nampik piyambakipun (Ay. 6-7). Punika nedahaken bilih Gusti Allah tansah makarya ing antawisipun Pasamuwan Korinta. Paulus saged ngraosaken panglipuran saking Gusti Allah ing bab punika.
Kita saged nulad punapa ingkang dipun tindakaken dening Paulus anggenipun mrantasi satru ingkang dipun alami. Purun maringi papan ing manah lan mangun komunikasi kaliyan tiyang ingkang nggadhahi pemanggih awon dhateng kita. Kaeklasanipun Rasul Paulus punika ingkang dipun wangsuli Gusti lumantar warga Korinta ingkang saged ewah dados sae. Mangga tansah ngupadi mujudaken gesang rukun kaliyan sesami lumantar kasagedan kita paring papan ing manah lan purun nampi sedaya tiyang sarana mangun komunikasi, mliginipun kaliyan tiyang ingkang nggadhahi pemanggih awon tumrap kita. Amin. [nn].
“Maringi papan ing ati dhateng sesami lan tansah mangun komunikasi ingkang sae saged dados margi kangge mrantasi satru.”