Waosan: Markus 5 : 21 – 43 | Pamuji: KPJ. 106 : 1, 2
Nats: “Nanging Gusti Yesus ora karsa maelu marang pawarta mau, lan banjur ngandika marang lurah papan pangibadah: “Aja wedi, kumandela bae!”” (Ayat 36)
Ngrantos menika prekawis ingkang bosenaken kangge sinten kemawon, mliginipun kangge tiyang ingkang nggadahi pangejeng-ajeng ingkang ageng. Karana ing pemanggihipun ngangen-angen antawisipun pangajeng-ajeng lan kasunyatan ingkang dereng kelampahan. Satemah tiyang ingkang ngrantos menika ngraosaken wedhal ingkang dangu sanget.
Waosan wekdal menika nyariosaken Yairus ingkang nyuwun kasarasan dhumateng Gusti Yesus kangge putranipun. Sepisan, Yairus kedah nerobos tiyang katah supados kepanggih Gusti Yesus lan menika sanes prekawis ingkang gampil. Kaping kalih, nalika sampun kepanggih, Gusti Yesus taksih lelados dhateng tiyang katah, kalebet nyarasaken tiyang estri ingkang sakit nggrajag getih. Kaping tiga, ing satengahing margi dumadakan wonten kabar putranipun sampun tilar donya. Tamtu menika dadosaken semplahing manah Yairus, nanging Yairus saged kiyat. Kaping sekawan, sak sampunipun dumugi griya, tiyang katah sami nangis, nggetuni putraning Yairus ingkang tilar donya. Nalika Gusti Yesus ngendika putra menika dereng seda, tiyang katah punika malah gumujeng, ngece Gusti Yesus lan Yairus. Menika kados ujian kangge kapitadosanipun Yairus. Lan ganjaran saking kapitadosanipun Yairus inggih menika putranipun gesang malih.
Saben tiyang tamtu nggadahi gegayuhan wonten gesangipun, nanging sekedhik tiyang ingkang saged ngrengkuh gegayuhan menika. Bilih kita pirsani tiyang-tiyang ingkang jaya wontening pangajeng-ajeng katahipun nggadahi sifat setya lan teguh ing tujuanipun. Katah tiyang namung pados gampil, sing penting kena, ora usah apik-apik. Contonipun nalika sesemahan, pados ingkang seiman kok inggih ewet, lajeng wis ora opo-opo, yen ora seiman mengko lak isa diajak alon-alon dherek Gusti. Sak sampunipun kelampahan, nyatanipun garwanipun tetep mboten purun, malah piyambakipun kanthi gampil mbucal kapitadosanipun, mbalela saking ngarsaning Gusti. Pesen kangge para tiyang pitados, gesang menika kedah dipun lampahi kanthi sabar lan pitados bilih Gusti Allah tansah ngreksa. Karana ing kesabaran lan kumandel pracaya menika dadosaken kawilujengan saged katampi ing gesang kita. (DKR).
“Neng pasar tuku tahu, pilihna sing dibungkusi. Tansah sabar ing lakumu, kumandelmu kang mitulungi”