Prahara Kang Ngrebut Pangarep Arep Kita Renungan Harian 27 Juni 2018

27 June 2018

Waosan :  Markus 6: 45-52 | Pujian: KPJ No. 335
Nats: „ Kira-kira jam telu bengi Panjenengane rawuh napak ing banyu sagara,arep nglancangi wong-wong mau.” (ayat 48)

Nalika divonis dokter RSUD, Juminten  ora pracaya menawa dheweke kena penyakit gagal ginjal. Umurane isih durung patang puluh tahun. Anake nembe siji lan rancangane pengin duwe momongan maneh kanggo adhine thole. Dhuh Gusti, perkawis menapa kula kok saged ngalami ingkang mekaten ? Punapa dosa lan lepat kula? Ananging sedaya pangadhuh lan pasambat bathin menika kados ambles ing bumi tanpa wangsulan. Pikiranipun susah menggalih kalajengan gesang ingkang badhe kelampahan : kados pundi anak ingkang taksih alit, semah, bebrayatan kula, rancangan kula. Dhateng pundi kula sambat kangge nambani penyakit menika, menawi saged dipun sarasaken. Menawi mboten, sinten ingkang mbiyantu nanggel cuci darah rutin kamangka kangge sadinten-dinten kemawon pas-pasan?

Kahanan gesang menika sarwa mboten tamtu. Sawanci-wanci lelampahan gesang mboten  laras kaliyan ingkang dipun rancang dening manungsa. Saestu kados dhawuh ing kitab suci,  “Rancanganing-Sun dudu rancanganmu”.

Karana menika kita mboten pareng jabriya, angkuh lan pengkuh ing kahanan ingkang tata lahir. Gesang kita tansaha dikantheni syukur awit sedaya menika peparingipun Gusti kang Maha asih. Tansah eling Gustine ingkang maringi mboten namung pados berkah-berkahipun kemawon. Kados gambaran bocah ngruyuk berkatan tiyang sepuh ingkang mantun walimahan utawi kumpulan kanthi rebutan-tukaran lan mboten kemutan babar pindah kaliyan ingkang ngasta berkatipun malah saged ugi nglepataken karana dipun wastani mboten adil anggenipun maringi rejeki.

Kanggenipun tiyang pitados perkawis kekeraning ngaurip sampun tetela wonten ing Sang Kristus Yesus lan pakaryanipun. Supados anggeni kita nglampahi gesang  mboten dados tiyang nggumunan, kagetan, punapa malih ceklek-an/mutung. Kita mboten saged mangertos sedaya perkawis ingkang badhe kelampahan mekaten ugi rampungipun kasangsaran. Menika rahasia (kekeran) ingkang Rama ing swarga. Ndedongaa (bdk.  Jam telu), jumagaa…nganti tumekaning pitulungan Gusti. Allah nresnani kita. (PAY)

“Manawa rendhet, etenana, marga iku mesthi bakal teka, ora bakal sumene.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak