Pandonga Ing Salebeting Laku Pancaran Air Hidup 27 Juli 2025

27 July 2025

Waosan: Lukas 11 : 1 – 13  |  Pamuji: KPJ. 346a
Nats: “… Ramamu kang ana ing swarga mesthi bakal maringi Roh Suci marang kang padha nyenyuwun.” (Ayat 13)

Ora et labora” tegesipun nyeyuwun ing salebeting pandonga, lajeng ngupadi ing salebeting pakaryan. Mboten wonten ingkang klentu saking pamanggih punika. Nanging asringipun wonten ing gesang kita, nyeyuwun lan makarya punika prekawis ingkang benten sanget lan mboten wonten sambetanipun. Ndonga nggih ndonga, makarya nggih makarya. Ndonga punika prekawis karohanen, makarya punika prekawis kajasmanen. Pungkasanipun pandonga lan pakaryan punika mboten gatuk. Tiyang saged ndedonga, “Gusti Paduka nuntun anggen kawula makarya” nanging nalika makarya malah mboten jujur, senenganipun ngapusi. Tiyang saged mawon ndedonga, “Matur nuwun Gusti tetedhan punika” nanging nalika nedha kanthi rakus, mboten ngilingi kancanipun, mantun niku sambat, “yoh… telung dino kok mangan blendrang ae.

Ndonga mboten saged dipun pisahaken kaliyan makarya, malah saged ugi makarya punika wujud pandonga kita utawi pandonga ing salebeting laku. Nalika makarya olah-olah alam, ugi ndedonga saos sokur bilih Gusti sampun maringi alam punika. Menawi nyambut damel paring jasa, nggih matur nuwun Gusti sampun paring talenta/bakat. Nalika nyambut damel kangge brayat, ugi saos sokur kagungan brayat ingkang dipun tresnani. Menawi kagungan usaha toko, nalika ngladosi tiyang ingkang tumbas, nggih saos sokur Gusti sampun paring berkah lumantar tiyang sanes. Miturut Gusti Yesus, ndedonga punika prekawis ingkang wigati kangge tiyang pitados. Wonten ing isi pandonga, Gusti Yesus paring piwucal bilih Gusti Allah Sang Rama ingkang wonten Kraton swarga punika Gusti ingkang dados sumbering berkah lan kebak welas asih.

Gusti Yesus ugi ngemutaken kita, nyuwun dhateng Gusti punika kedah tho..thok..tho..thok. Ing pundi kadang nggih langsung dipun bikakaken korinipun, kadang nggih taksih kedah ngrantos nembe dipun bikakaken. Tegesipun Gusti punika langkung pirsa kapan wekdal ingkang sae kangge gesang kita. Ingkang dipun kersakaken Panjenenganipun, kita tetap setya ing pandonga. Kita pitados bilih Gusti Allah mirengaken sedaya panyuwun dan pandonga kita.  Sumangga kita nindakaken pandonga ing salebeting laku kita. Kita lampahi gesang kita saben dinten kanthi kebak saos sukur lan makarya kagem kamulyanipun Gusti. Amin. [M@ul].

“Wujude lakumu iya iku isi pandongamu.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak