Waosan: Jabur 145 : 10 – 18 | Pamuji : KPJ. 103
Nats: “… supados para anaking manungsa sami mireng pawartos bab kasantosan Paduka, kaliyan kamulyaning sumorotipun karajan Paduka.” (Ayat 12)
Pikun punika kalebet wontening satunggal kahanan nalika daya pangenget tiyang punika sampun lemah. Wonten maneka kahanan ingkang ndadosaken tiyang punika pikun, salah satunggalipun karana yuswa ingkang sampun sepuh. Wonten ugi ingkang mastani bilih pikun punika sejatosipun gejala demensia. Demensia punika sindrom utawi susutipun fungsi otak kados daya pangenget ingkang surut lan ugi ewah-ewahan mental emosional. Senadyan miturut pirembugan bab pikun kalawau, kita ngraosaken sumelang utawi ajrih, pikun sejatosipun saged dipun atasi lumantar perangan kegiatan kados: ajeg maos buku, nuwuhaken pakulinan gesang sehat, sarta dolanan ingkang saged ndamel otak punika aktif.
Waosan ing wekdal punika nedahaken nalika Juru Mazmur ngulukaken pepujian dhumateng Sang Yehuwah awit saking sedaya kamirahan ingkang dipun tampi dening Juru Mazmur ugi sedaya umat. Kita saged ngraosaken bilih sejatosipn Juru Mazmur mboten badhe nglirwakaken Sang Yehuwah. Janji ingkang kaserat wontening ayat 11-12 punika mboten namung janji ndherek lan setya tuhu dhumateng Sang Yehuwah kemawon nanging ugi janji ndherek martosaken, nepangaken, lan mbabaraken karsanipun Sang Yehuwah dhumateng para putra lan wayahipun. Pakaryan agung Sang Yehuwah kedah kacariyosaken dhateng anak – putu manungsa, punika ngemu teges supados Asmanipun Sang Yehuwah langgeng wonten gesangipun manungsa ing sauruting jaman. Sejatosipun janji punika mboten gampil dipun lampahi awit saking sedaya karupekan ing gesang padintenan para umat. Bangsa Israel piyambak asring kesupen bab janjinipun ndherek lan setya tuhu dhumateng Sang Yehuwah punika.
Nalika pikun sampun kita raosaken, tamtu kita badhe nindakaken lelampahan supados mboten pikun. Sampun ngantos kita pikun tumrap sedaya janji setya kita dhumateng Gusti. Mekaten ugi sampun ngantos kita pikun bab sih rahmat lan kasetyanipun Gusti dhateng kita. Mangga ing wekdal punika, kita ngenget-enget malih janji kita dhumateng Gusti. Swawi kita sedya kangge nyriosaken sedaya pakaryanipun Gusti Allah ingkang kita alami dhateng para anak-putu kita. Mekaten ugi mangga kita njagi pikiran lan batos kita supados mboten pikun awit kita tansah enget lan ngraosaken sih rahmat lan pakaryanipun Gusti ingkang nyata salebeting gesang kita. Amin. [Nandes].
“Sepuh ning ora sepah.”