Waosan: 1 Korinta 4 : 14 – 21 | Pamuji: KPJ. 136
Nats: “Mulane kowe padha dakpituturi: Padha nuladaa marang aku!” (Ayat 16)
Wonten pasemon bilih gesanging manungsa ing donya punika dipun umpamiaken kados tiyang ingkang nyepeng sela. Sela punika saged maedahi, saged ugi boten, gumantung kados pundi sela punika dipun ginakaken. Sela punika saged maedahi menawi kaagem kangge mbangun jembatan. Inggih kangge mbangun jembatan paseduluran, jembatan katresnan, jembatan kasaenan. Kosokwangsulipun sela punika boten maedahi, malah saged ndadosaken karisakan rikala sela punika dipun sawataken dhateng tiyang sanes. Sela punika ugi boten maedahi menawi sela punika dados “pager”, pager sesinggetan antawis kita kaliyan tiyang sanes, ingkang ndadosaken wonten wates antawis kita kaliyan liyan.
Pasemon sela punika kasunyatanipun kadadosan wonten ing pasamuwan Korinta. Tiyang ing kutha Korinta, kados-kados nyepeng sela boten kangge mbangun paseduluran, ananging malah dados sarana mbangun pager kaliyan sadherek sanesipun. Sela punika dados wates ing antawisipun pasamuwan Korinta, awit tiyang ing Korinta rumaos kumlungkung lan ngengungaken dhiri sarta golonganipun (Ay. 6). Pramila, mawi serat Korinta punika, Rasul Paulus ngengetaken pasamuwan Korinta supados tansah andhap asor, migunakaken talenta peparingipun Gusti kangge nindakaken kasaenan, kados mbangun jembatan katresnan. Rasul Paulus nedahaken tut wingking Gusti punika ateges kersa ndherek tuladhanipun Gusti Yesus. Rasul Paulus ngersaaken supados gesangipun pasamuwan Korinta saged dados sela ingkang maedahi, inggih punika pasamuwan ingkang kabangun ing katresnan sarta paseduluran, ingkang saged karaosaken kasaenanipun wonten ing satengahing gesang.
Ing wulan kulawarga taun punika, kita sadaya kaajak mbangun hubungan ingkang sae lan maedahi ing satengahing gesang kita. Kita purun mujudaken raos katresnan lan mbangun jembatan paseduluran kaliyan sinten kemawon. Pager utawi wates ingkang dados pamisah kedah karubuhaken supados kita saged dados brayat ageng GKJW ingkang mujudaken katresnan ingkang murni. Mugi Sang Roh Suci rohing katresnan lan semangat paseduluran tansah nunggil dhateng kita. Mekatena ugi kita sedya mbangun jembatan katresnan ing satengahing brayat, pasamuwan, pandamelan lan ing sadhengah kahanan. Gusti tansah nunggil lan paring kasagedan dhateng kita sami. Amin. [ardien].
“Katresnan kuwi jembatan ing antarane kowe lan sadaya.” –Rumi–