Waosan: Kolose 3:12-17 I Pamuji: KPJ 427:1-2
Nats: “mulane sarehne kowe wus padha dadi pepilihane Gusti Allah, kang wus kasucekake lan kinasihan, padha nyandhanga asih welas, kaloman, andhap asor, alusing bebuden, lan sabar”. (ay 12)
Kula nate kecalan kesabaran nalika ngraosaken sakit ing kuping kula. Cariyosipun nalika bibar kuliah, kula wangsul dhateng asrama. Wonten kamar “curek-curek” kuping nanging kesupen mboten mbucal cutton bud ingkang kula damel ngresiki. Cotton bud taksih tumancep ing kuping, lajeng kula leyeh-leyeh miring manengen. Cutton bud lajeng mancep ing kuping sisih tengen. Sanalika kuping kula mbenging, cutton bud kula cabut, lan kuping kula ngedalaken getih. Kula ajrih sanget. Lajeng nyuwun tulung kanca kangge ngeteraken dhateng poliklinik kampus. Poliklinik kampus boten tanggung. Kula kedah teng griya sakit Bethesda celak kampus. Dokter THT nerangaken bilih kula saged saras kemungkinan namung 50%, karana gendang telinga sisih kanan risak, kejojoh cutton bud. Kula diparingi obat tetes, lajeng wangsul dhateng asrama. Kula ajrih sanget dene kuping kula boten saged saras. Saben dinten kula nyuwun tulung kanca-kanca supados ngetes kuping tengen kula. “Waduh kok suwe men gak waras-waras”. 30 dinten kula dipun uji bab kesabaran, wusananipun, kula saged saras. Puji Gusti.
Bapak ibu lan para sadherek, Paulus paring piwucal ingkang positif tumrap pasamuwan ing Kolose. Ingkang dados rasukan gesang Kekristenan, salah satunggal ingkang dipunjlentrehaken inggih punika prakawis kasabaran (ayat 12-13). Karana dados rasukan, mila kedah dipundamel saben dinten, sabar dipun tindakaken wonten gesang padintenan.
Gusti nimbali kita dados pribadi ingkang sabar wonten sedaya situasi. Problem/masalah ingkang kita adhepi sejatosipun salah satunggal ujian kagem nglatih kesabaran kita. Asring manungsa namung ngutamekaken logika tinimbang iman. Anggenipun ngrantos prasetyanipun Gusti tansaha kanthi kebak pangajeng-ajeng. Sampun ngantos kesabaran punika ical. Amin. (YEW).
“Wong kang sabar iku ngluwihi pahlawan“