Nindakaken Pakaryanipun Gusti Pancaran Air Hidup 27 Januari 2026

27 January 2026

Waosan: Filipi 2 : 12 – 18  |  Pamuji: KPJ. 390
Nats: “… padha dadi putraning Gusti Allah kang tanpa cacad ing satengahing golongan kang kablinger lan mblasar iki, …” (Ayat 15)

Gesanging manungsa punika mboten saged namung miturut pemanggihipun piyambak. Bilih wonten pemanggih, “Sing penting aku ora ngganggu liyane, lan sing penting aku ora diganggu liyane”, pamanggih ingkang mekaten punika gambaraken bilih dhiri kita pribadi  taksih wonten pemanggih ingkang  kirang sae. Wondene gesang kita taksih kangge dhiri kita piyambak. Bebasanipun “awakmu yo awakmu, aku yo aku”, pamawas ingkang mekaten kadosipun sampun sae lan leres, nanging kasunyatanipun mboten trep lan mboten bener.

Pitedahipun Gusti lumantar Rasul Paulus ing waosan kita nedahaken sesambetan ingkang raket antawisipun manungsa kaliyan Gusti, ingkang kebak kaendahan, kaelokan, lan katresnan. “Minangka putranipun Gusti Allah kang tanpa cacad ing satengahing golongan kang kablinger lan mblasar iki, satemah ana ing satengahing wong-wong iku kowe sumunar kaya lintang-lintang ing jagad.” (Ay. 15). Ing ngriki, kita kasebut kados lintang ingkang sumunar, gegambaran ingkang endah sanget. Gesang kita sejatosipun sami nyadhong berkah saking Gusti. Paseksinipun Rasul Paulus ingkang kaserat ing Filipi punika ngajak kita mangertos lan pitados dhumateng Gusti. Gusti punika sumbering kakiyatan, kasantosan lan katentreman kita. Gusti tansah ngayomi kita, mungkasi pepalang rubedha ing satengahing gesang kita, karana punika kita dipun timbali kangge nindakaken sabda pangandikan-Ipun kanthi teman.

Gesang ingkang kebak katentreman lan manah ingkang ayem ndadosaken kita saged lelados nindakaken pakaryanipun Gusti. Mekaten ugi kita kagungan pangajeng-ajeng bilih Gusti tansah nganthi lan mitulungi gesang kita. Kita kedah sadar bilih ing kasunyatan gesang kita sadinten-dinten, kita punika ringkih, kita mboten saged ngrampungaken prekawis ing satengahing gesang kita ngangge kakiyatan kita pribadi. Karana punika, mangga kita tansah kumandel dhumateng Gusti. Sanadyan lampahing gesang kita pinanggihan margi ingkang rumpil, kita tansah pitados Gusti Allah tansah mitulungi lan mberkahi kita. Mangga kita sami sumendhe ing Gusti lan sami njagi gesang ing donya murih tansah endah. Amin. [SWS].

“Payo nindakna pakaryan kang endah kagem Gusti Allah.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak