Waosan: Yeremia 36 : 1 – 10 | Pamuji: KPJ. 52
Nats: “Bokmanawa pasambate sumengka ing ngarsane sang Yehuwah, banjur sawiji-wijine padha mratobat saka ing polah-tingkahe kang ala iku, …” (Ayat 7)
Nalika kita taksih alit, asring tiyang sepuh kita punika ngengetaken kita supados sinau kanthi temen-temen. “Ayo le sinau sing bener, aja karo dolanan HP wae.” Tiyang sepuh ngegetaken mekaten punika awit sih katresnanipun dhateng kita. Tiyang sepuh kita kepengin supados kita dados siswa ingkang unggul lan saged lulus kanthi asil sae. Kanggenipun lare ingkang manut pepenget tiyang sepuh tamtu piyambakipun badhe sinau kanthi temen lan pikantuk asil sae. Kosokwangsulipun kangge lare ingkang ndablek, mboten purun sinau lan mboten ngestokaken pepenget tiyang sepuhipun, badhe nampi asil ingkang nguciwani, saged ugi piyambakipun mboten minggah kelas utawi mboten lulus sekolah.
Waosan kita ing dinten punika nyariosaken nabi Yeremia ingkang dipun utus Gusti Allah kagem ngengetaken Prabu Yoyakim tumrap sadaya kalepatanipun. Gusti Allah badhe ngukum Prabu Yoyakim lan bangsa Yehuda karana sampun tumindak dosa lan mboten setya dhumateng Gusti Allah. Ing ngriki, Yeremia dipun utus Gusti martosaken pawartos paukuman dhateng bangsa Yehuda ingkang sampun nebih saking Gusti. Nabi Yeremia nimbali Barukh kagem nyerat pangandikanipun Gusti bab pepenget punika, sarta martosaken sih rahmat lan sih pangapuntenipun Gusti, bilih bangsa Yehuda purun mratobat. Bangsa Yehuda badhe kawilujengaken. Pepenget punika kawartosaken dhateng Prabu Yoyakim lan bangsa Yehuda, ananging Prabu Yoyakim lan bangsa Yehuda mboten purun nggatosaken pepenget punika. Pungkasanipun Gusti Allah tetap ngukum prabu Yoyakim lan bangsa Yehuda.
Saking carita ing inggil kita pikantuk piwucal : sintena tiyang ingkang manut pepengetipun Gusti badhe nampi sih rahmat lan pangluwaran, nanging sintena tiyang ingkang nebih saking pepengetipun Gusti badhe nemahi kacilakan. Ing wulan tumitahing jagad punika, kita ugi dipun engetaken bab tugas sarta tanggel jawab kita kangge njagi lan nrimati alam lingkungan ing antawis kita. Kita dipun engetaken supados kita sami makarya sesarengan amrih lingkungan ingkang risak saged pulih malih. Pramila kanthi sadar, mangga kita estokaken pepenget punika, awit kasaenan lan lestarinipun lingkungan punika ndadosaken gesang kita lan lingkungan kita resik, nyaman, lan sehat. Mangga sesarengan kita dados umat ingkang peduli kaliyan lingkungan kita. Kita wujudaken gesang ingkang migunani kangge sesami lan lingkungan ing antawis kita. Amin. [AR].
“Pepenget punika dados sarana kangge kasaenan gesang kita.”