Waosan: 2 Babad 35: 20 –27 | Pamuji: KPJ. 136 : 1
Nats: “Milanipun kula aturi nyandekaken karsa panjenengan nglawan dhateng Gusti Allah ingkang nunggil kaliyan kula, supados panjenengan sampun ngantos kasirnakaken dening Panjenenganipun!” (Ayat 21b)
Wonten paribasan ingkang mekaten: “Karena nila setitik rusak susu sebelanga.” Paribasan punika tegesipun kalepatan alit saged ngrisak sedaya kasaenan gesang kita. Paribasan punika saestu saged dados pepenget kangge kita sedaya ingkang gesang wonten ing jagad punika, supados ngati-ati anggenipun nglampahi gesang. Sampun ngantos kita nindakaken kalepatan sanadyan namung kalepatan ingkang sepele.
Nindakaken kalepatan ingkang sepele punika ingkang dipun lampahi Prabu Yosia. Waosan kita nedhahaken Prabu Yosia ingkang nindakaken kalepatan ngantos dipun pejahi dening Prabu Nekho. Sejatosipun Prabu Nekho sampun paring pepengetipun Gusti dhateng Prabu Yosia, ananging Prabu Yosia boten purun mirengaken pepenget Prabu Nekho punika. Piyambakipun malah nantang Prabu Nekho. Lajeng kekalihipun sami perang ngantos Prabu Yosia pejah. Prastowo punika nedhahaken bilih Prabu Yosia boten purun nampi lan boten purun mirengaken pepengetipun Gusti Allah lumantar Prabu Nekho, kamongko sejatosipun Prabu Yosia punika pandherekipun Gusti Allah ingkang nindakaken gesang saleh, cundhuk kaliyan karsanipun Gusti Allah.
Lumantar waosan dinten punika, kita sami nampi piwulang ingkang sae. Kita saged sinau kados pundi anggenipun kita kedah nglampahi gesang ing jagad punika. Sae gesang wonten ing satengah-tengahing brayat, pasamuwan, lan masyarakat. Piwulang sae ingkang dados pasinaon kita inggih punika:
- Minangka titahipun Gusti ingkang gesang sesarengan wonten ing jagad punika, kita kedah rukun, sampun ngantos kita egois.
- Minangka pandherekipun Gusti, kita kedah mirengaken lan nindakaken piwulang lan pepengetipun Gusti Allah dhateng kita, temahan kita saged gesang sembodo wonten ing ngarsanipun Gusti.
Sumangga kita nindakaken kalih prekawis punika kanthi saestu. Sampun ngantos kita nindakaken kalepatan supados kita boten dipun sirnakaken dening Gusti. Amin. [Bie].
“Aja ngeyel, manuta Gusti Allah.”