Waosan : Wulang Bebasan 8 : 1 – 21 | Pamuji : KPJ 161
Nats: “Pitutur sarta panglimbang iku kagunganingSun, Ingsun kang kagungan pangerten, lan Ingsun kang kagungan kakiyatan.” (Ay. 14)
“Sis, kowe kuwi lak salah sawijining nom-noman sing kondang digdaya lan kebal bacok. Terus, jare kowe ya isa jagongan karo lelembut. Apa ya tenan?” Pakdhe teken dhateng Wasis ingkang namung mesem kaliyan nebah dhadhanipun. “Terus, kok kowe isa ngono kui, piye carane lan saka ngendi asale?” Pakdhe ndedhes. Wasis paring wangsulan, “Ya nganggo laku Dhe. Kae lho, panggone ning sedang ngisor gunung. Ning ya enek ilmu, ajian lan japa mantrane.”
Kathah manungsa ingkang rumaos bilih sedaya kasagedan lan kapinteranipun saking usahanipun piyambak. Inggih punika kanthi sarana sinau, kursus, ngelmu utawi meguru. Nanging kados pundi bilih wonten pitakenan: “Saking pundi asalipun ilmu lan kapinteran punika?” Taksih kathah ingkang mboten saged paring wangsulan ingkang pas. Nanging benten kaliyan tiyang pitados, ingkang paring paseksi bilih sedaya kawasisan punika peparingipun Gusti Allah ingkang pratitah. Awit sedaya, inggih manungsa lan kawasisan, asal pinangkanipun namung saking Gusti Allah ingkang nitahaken lan mranata kanthi wicaksana. Kitab Wulang Bebasan sampun nyerat, “Pitutur sarta panglimbang iku kagunganingSun, Ingsun kagungan pangerten, lan Ingsun kang kagungan kakiyatan.” (ayat 14). Pramila minangka tiyang pitados, kita kedah tansah enget bilih sedaya ingkang kita gadhahi, bandha donya, kasagedan lan ugi gesang kita punika asal pinangkanipun saking Gusti Allah. Bilih mekaten salampah lan laku gesang kita boten saged sembrana, kedah ngener ing karsanipun Gusti Allah kanthi temen-temen.
“Cah bagus, piye yen kabeh kuwi mau kudune asale saka Gusti? Aku, kowe lan isine jagad iki mung titahe Gusti. Mulane kudu tansah eling marang Gusti.” Pak Dhe nuturi. Wasis manthuk, banjur takon, “Terus aku kudu piye dhe?” “Ya, kudu mbok timbang, saka ngendi asale? Yen ora laras karo piwucal katresnane Gusti Allah, ya kudu endang diuculi!” Pakdhe paring wangsulan. Amin. (jarwi)
“Kawicaksanan luhur ndadosaken kita tansah enget kaliyan Gusti ingkang nitahaken kita”