Waosan : Para Hakim 6 : 11 – 24 | Pamuji : KPJ. 448 : 1
Nats: “Banjur diketingali dening Sang Malaikate Pangeran Yehuwah mau sarta didhawuhi: “He prawira gagah prakosa, Sang Yehuwah nunggil karo sira.” (Ay. 12)
Nalikanipun Gideon gesang, bangsa Israel dipunjajah dening bangsa Midian. Kenging punapa Gusti Allah marengaken bangsa Midian njajah umat ingkang kapilih? Karana bangsa Israel mboten setya lan tumindak nistha ing ngarsanipun Gusti Allah (ay.1). Ngadhepi suasana kajajah punika bangsa Israel pados margi medal, kanthi ngandelaken kekiyatanipun piyambak sacara kamanungsan. Bangsa Israel mbangun papan-papan kangge ndelik, supados aman (ay.2). Menapa margi medal ingkang dipunlampahi dening Israel punika saged mrantasi permasalahipun? Babar pisan mboten! Nyatanipun panenanipun dipuntelasaken dening mengsahipun. Ing swasana “krisis” punika bangsa Israel marek lan sesambat dumateng Gusti. (ay.6).
Pasambatipun bangsa Israel, dipunmirengaken Gusti Allah, lan salajengipun Gusti Allah miji Gideon, saperlu ngentasaken bangsa Israel saking pangawulanipun bangsa. Samesthinipun Gusti Allah saged mawon miji tiyang sanes ingkang langkung pinunjul katimbang Gideon, nanging Gusti kanthi mligi miji Gideon. saking suku ingkang mboten nate kawentar, nanging dipun agem dening Gusti. Kenging punapa Gusti miji Gideon? Supados bangsa Israel sadar bilih Israel saged kapitulungan rahayu, boten karana kekiyataning manungsa, utawi kapinteranipun Israel, ananging karana pangwaosaipun Allah. Mila ing ngriki Gusti Allah memulang umat Israel, supados mboten ngandelaken kapinteran lan kekiyananipun manungsa, nanging ngandelaken pangwaosipun Gusti Allah. Sanadyan Gideon dados prawira ingkang gagah prakasa, nanging mboten ngandelaken kekiyatanipun tata manungsa, ananging ngandelaken kekiyatanipun Gusti. Kados pundi panjenengan menawi ngalami krisis, menapa ngandelaken pangwaosipun Gusti? (YK).
“Sakehing prakara bisa tak sangga ana ing Panjenengane kang paring kekuatan marang aku” (Filipi 4:13).