Waosan: Lelakone Para Rasul 3 : 11 – 16 | Pamuji: KPJ. 178A
Nats: “Punapa dene margi saking pitados dhateng Asma Yesus punika, mila Asma punika sampun kelampahan ngiyataken tiyang ingkang panjenengan pirsani saha ingkang panjenengan sampun tepang punika, …” (Ayat 16)
Punapa ingkang wonten pemanggih panjenengan nalika mireng tembung “tiyang sakti”? Mbok menawi wonten ingkang kagungan pemanggih tiyang sakti punika tiyang ingkang digdaya, tiyang ingkang kagungan kakiyatan ingkang ngedap-edapi, sarta saged nindakaken bab-bab ingkang mokal. Mila jaman rumiyen nalika wonten tiyang ingkang saged nyarasaken mawerni-werni macem penyakit, piyambakipun saged dipun wastani tiyang sakti. Mekaten kanggenipun tiyang ingkang kagungan ilmu bela diri ingkang inggil piyambakipun ugi kasebat tiyang sakti mandraguna.
Waosan kita ing dinten punika nyariosaken khotbatipun Rasul Petrus wonten ing Srambi Salomo. Kacarita ing waosan saderengipun Lelakone Para Rasul 3:1-10, Rasul Petrus ngawontenaken mukjizat, piyambakipun nyarasaken tiyang lumpuh wiwit lair. Bilih piyambakipun saged nindakaken mukjizat, punika mboten srana kakiyatanipun piyambak nanging ngagem panguwaosipun Gusti Yesus Kristus. Mukjizat punika dipun tindakaken kanthi tujuan supados Asmanipun Gusti Yesus ingkang kamulyakaken lan para tiyang ingkang sami ningali mukjizat punika sami memuji lan ngluhuraken asmanipun Gusti. Saking prekawis punika dados sarana kagem Rasul Petrus atur paseksi bab Gusti Yesus. Piyambakipun paring pangertosan dhateng para tiyang katah bilih Gusti Yesus punika ingkang nyarasaken tiyang lumpuh punika. Karana punika, saben tiyang ingkang pitados dhumateng Gusti Yesus badhe pikantuk sih rahmat saha kawilujengan.
Bilih kita raos-raosaken, kita saged dados seksi pakaryanipun Gusti Yesus salebeting gesang kita. Kados tiyang lumpuh ingkang dipun sarasaken Gusti Yesus lumantar rasul Petrus, Gusti ugi tansah makarya ing gesang kita ngantos dinten punika. Ingkang dipun betahaken iman kapitadosan dhumateng Gusti Yesus. Gusti Yesus punika nglangkungi tiyang sakti, awit Gusti Yesus punika Gusti Allah ingkang Mahakuwasa. Mangga, kita pasrahaken sadaya kawontenan gesang kita wonten ngarsanipun Gusti. Bilih kita nandang sakit, kita nyuwun kakiyatan lan kasarasan. Bilih kita nandhang kasisahan, kita nyuwun pitulungan dhumateng Gusti. Srana iman, kita pitados Gusti nganthi lan nunggil kita. Srana mandheng Gusti Yesus, kita pikantuk sih rahmat lan pangluwaran awit namung Gusti Yesus kemawon ingkang sakti ing salebeting gesang kita. Amin. [AR].
“Namung Gusti Yesus sumbering kakiyatan lan pangayomanku!”