Waosan: Ibrani 11 : 1 – 3; 13 – 19 | Pamuji: KPJ. 398
Nats: “… sarta padha ngaken menawa dadi wong manca sarta wong neneka ana ing bumi iki.” (Ayat 13)
Wonten salah satunggaling sadherek ingkang nembe operasi kanker. Operasi punika mboten saged tuntas. Senaosa mekaten sadherek punika tetap saos sokur dhumateng Gusti. Piyambakipun nggadahi pemanggih: iman punika sanes prekawis ingkang dipun angen-angen lan dipun gayuh miturut kakiyatanipun manungsa, ananging iman punika gegayutan kalayan pangrimatan saha pitulunganipun Gusti, ingkang kedah kababar miturut margi saha karsanipun Gusti Allah piyambak. Pramila nalika lelampahan operasi kanker punika mboten saged tuntas, sadherek punika mboten dumawah wonten ing raos kuciwa ingkang lebet.
Juru tulis serat Ibrani nedhahaken dhumateng kita sedaya kados pundi para tokoh iman punika nglampahi gesang ingkang saestu gegondelan ing pracaya. Juru tulis serat Ibrani punika nggambaraken gesangipun para pitados punika sami kados dene tiyang neneka ing ndonya punika. Para pitados sampun salin kawarganipun, sanes warga ndonya ananging minangka tiyang neneka ingkang ngambara ing satengah-tengahing ndonya punika, awit pangajeng-ajeng tiyang ngambara punika sageda enggal-enggal wangsul ing nagari asalipun, inggih punika Swarga mulya ingkang kaprasetyakaken dening Gusti Allah piyambak. Para pitados ingkang dados tuladhan iman punika dereng tamtu nampi punapa ingkang sampun kaprasetyaaken dening Allah nalika ing donya punika, ananging sedaya punika mboten ndadosaken gela kuciwaning manah para pitados. Para pitados punika tansah nggadhahi raos kangen ingkang ageng tumraping tanah wutah-rah ingkang kacawisaken lan kaprasetyakaken dening Allah.
Wonten ing mangsa Pra-Paskah punika kita kaajak nggegilut bilih saestu lelampahan kita wonten ing ndonya punika kadosdene tiyang neneka ingkang ngambara. Saestu kita mboten badhe rumaos gela lan kuciwa ing kapitadosan kita. Bilih kita taksih ngraosaken gela lan kuciwa awit saking salir prihatin ingkang kita tempuh, kita prelu niti priksa dhiri kita. Punapa ingkang kita gondeli punika pracaya dhumateng prasetyanipun Sang Kristus, punapa gondelan tumrap pepengenan lan pengajeng-ajeng kamanungsan kita? Mugi kita tansah gegondelan ing pracaya tumraping prasetyanipun Gusti. Amin. [TP].
“Kapracayan tan badhe nggelaake.”