Waosan: Lukas 9: 28 –36 | Pamuji: KPJ. 188 : 1 –3
Nats: “Ing mega kono tumuli ana swara keprungu mangkene: “Iki PutraningSun kang Sunpilih, padha estokna dhawuhe!” (Ayat 35)
Wonten salah satunggaling pepujen rohani kanthi irah-irahan “Wis Suwe” ingkang mekaten lirik pepujianipun:
“Wis suwe anggone tepung Gusti, wis suwe anggone ndherek Gusti
Coba digatekne, coba digatekne apa wae sing wis mbok tindakake
Sakmono lawase, sakmono suwene ndherek Gusti ra ana kemajuane
Sirik iku kang dadi sipate, padu wis dadi kebiasaane, rerasan iku wis dadi hobine
Coba dipikir, dipikirake, ndherek Gusti kudune nindakake dhawuhe”
Juru tulis pepujian punika ngajak dhateng kita sedaya supados sami ngoreksi dhiri, sami ningali kados pundi anggenipun nglampahi gesang wonten ing jagad punika. Juru tulis pepujian punika ugi ngengetaken kita kados pundi kedahipun kita nglampahi gesang wonten ngarsanipun Gusti.
Ing waosan kita dinten punika, nyariosaken Gusti Yesus ingkang kamulyakaken wonten ing redi. Gusti Yesus saged nampi kamulyan punika karana Gusti Yesus sampun nglampahi sedaya proses ing gesangipun. Gusti Yesus sampun nindakaken peladosan kanthi saestu wonten ing jagad punika. Kadosa pundi kahanan gesang lan peladosan-Ipun, sedaya punika dipun lampahi dening Gusti Yesus kanthi saestu. Gusti Yesus boten nglokro lan boten ngersula, kanthi punika Gusti Yesus saged nampi kamulyan peparingipun Gusti Allah. Pramila ing waosan kita, mliginipun ayat 35 kaserat kanthi cetha Gusti Yesus punika Putraning Allah. Gusti Allah piyambak ingkang maringi perintah supados para tiyang pitados ngestokaken dhawuhipun Gusti Yesus.
Lumantar pepujian lan waosan kita dinten punika, ngajak kita sedaya sami ningali malih kados pundi anggen kita nglampahi gesang ing jagad punika. Punapa kita sampun dados pandherekipun Gusti ingkang sae? Sampun saged ngestokaken dhawuh pangandikanipun Gusti? Punapa kita malah tumindak ingkang boten sae (sirik, padu, rerasan, lan sakpiturutipun) kados dene ingkang wonten ing pepujian kalawau? Sumangga minangka tiyang pitados, kita tansah ngestokaken dhawuh pangandikanipun Gusti kanthi saestu, temahan Asmanipun Gusti saged kamulyakaken lumantar gesang kita ing padintenan. Amin. [Bie].
“Payo pada ngestokaken dhawuh pangandikanipun Gusti.”