Salah Alamat Renungan Harian 27 Februari 2021

27 February 2021

Waosan : Jabur 22 : 23 – 32 | Pamuji : KPJ. 178a
Nats: “Amarga Panjenengane ora mastani asor lan ora jijik marang kanisthane wong kang katindhes, sarta ora ngaling-alingi wedanane, lan miyarsakake nalikane wong mau sesambat nyuwun tulung marang Panjenengane.” (Ay. 25)

Ing siang punika, simbah midar-mider sinambi ndingkluk ningali lemah ing pekarangan. Putunipun dugi lajeng matur, “Madosi napa to mbah?” Paring wangsulanipun simbah, “Goleki kunci lemari ndhuk. Kene, ewangana mbah!” Ngantos setengah jam anggeni madhosi, putunipun rumaos sayah lan matur, “Jane ilange wau kados pundi to mbah?” Simbah ngandika, “Kuwi mau aku arep buka lemari ning kamar. Bareng arep njupuk kunci, lha kok mrucut, ceblok ning ngisor. Merga kamare peteng, aku nggoleki ning latar kene sing padhang. Ayo gek nggoleki maneh!” “Oalah mbah, iki ngono salah alamat mbah!” unjuk putunipun sinambi ngempet ngguyu.

Cariyos salah alamat kalawau namung guyonan, nanging kathah tiyang pitados ingkang nglampahi. Kados lelampahanipun tiyang ingkang gerah waja krana krowok nanging anggenipun pados tamba dhateng tukang tambal ban. Sami ugi kados nalika pados pendamelan susah lan sangsara malah ndherek seminar “Ora Umum”. Badhe pados katentreman lan kawilujengan nanging malah mundhi kadonyan lan korupsi. Sejatosipun nggih ngraosaken salah, nanging bilih dipun aturi mratobat, wangsulanipun macem-macem, sing isin, sing angel lan malah semaya mbesuk wae. Kamangka Gusti Allah kebak welas asih lan badhe paring pitulungan tumrap sinten kemawon ingkang sesambat, sinaosa tiyang punika sangsara lan katindhes. Kados paseksinipun Prabu Dawud piyambak ing Mazmur anggitanipun, utaminipun ayat 25 ing waosan kita. Pramila sampun ngantos kita salah alamat (malih). Sinaosa ing satengahipun kasangsaran lan kanisthan, mangga kita namung sowan lan ngaturaken pasambat wonten ngarsanipun Gusti Allah. Gusti Allah tamtu miyarsakaken punapa ingkang dados kabetahan kita.

“Lha niki lho mbah kuncine wonten ngandhap lemari.” Putunipun ngaturnaken kunci. Simbah bingah lan ngandika, “Wah, suwun ya ndhuk. Untung ana kowe.” Amin. (jarwi).

 “Kang paling utama, sambata ning ngarsane Gusti Allah!”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak