Gusti, Kawula Saestu Nalangsa Renungan Harian 27 Februari 2020

27 February 2020

Waosan : Yunus 3 : 1 – 10    |    Pamuji  : KPK. 43
Nats
: “Gusti Allah mirsani apa sing padah ditindakake dening wong-wong Niniwe mau, yakuwi enggone padha mareni nindakake penggawe ala” (Ay. 10a)

Pak Adam minangka warga pasamuwan, piyambakipun dados guru ing Sekolah Dasar. Pak Adam ugi dados guru katekisasi ing pasamuwan. Nalika paring piwulang, Pak Adam nindakaken kanthi estu lan trep kaliyan materi pelajaran. Mekaten ugi menawi paring piwulang katekisasi, piyambakipun mulang kanthi sae, trep kadosdene piwucal kang wonten ing buku panduan katekisasi. Matahun-tahun anggenipun dados guru, Pak Adam nindakaken pakaryanipun menika trep kados menapa ingkang disuwun ing buku kemawon.

Ing satunggal wekdal, Pak Adam nemahi perkawis ingkang awrat. Perkawisipun inggih menika putranipun piyambak mboten purun dipunwucal dening tiyang sepuhipun kang jumeneng dados guru ing sekolah lan guru katekisasi ing pasamuwan. Putranipun nggadahi pemanggih bilih Pak Adam menika sanes guru ingkang sae. Amargi anggenipun mucal, Pak Adam namung kados menapa ingkang dipunkersakaken dening buku. Dene putranipun ngraosaken, bilih menawi mucal namung cekap kados ing buku mboten ndadosaken piyambakipun dados pinter. Putranipun nyuwun piwucal ingkang langkung kathah mboten namung kados buku kemawon.

Cariyos menika dados refleksi  kangge kita, asring kita ngraosaken bilih gesang menika sampun sae. Kita mboten mangertos bilih menapa ingkang kita tindakaken menika sejatosipun sanes kasaenan. Pramila ing gesang menika, kita kedah asring ningali tindak tanduk padintenan kita. Menapa kita saged dipunsebat umatipun Gusti? Kados tiyang-tiyang ing Niniwe, para umatipun Gusti wantun mungkasi anggenipun nindakaken perkawis ingkang ala. Lumantar Yunus, tiyang-tiyang Niniwe mratobat lan nindakaken karsanipun Gusti.

Mekaten ugi, kita samangke sejatosipun kedah wantun ningali kahanan gesang kita. Lumantar tiyang-tiyang celak kita, Gusti ngagem tiyang menika kangge ngengetaken tindhak-tandhuk kita. Pramila sumangga kita wantun ndadar manah piyambak-piyambak lan wantun mungel mekaten: “Gusti kula sestu nelangsa, awit asring mbalela, gawe sekel galih paduka, kelu ombyaking donya. Dhuh Gusti kawula sestu nalangsa” Amin (MM).

“Dhuh, Gusti kula nyuwun apura….”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak