Sadaya Titah Sami Memuji Gusti Allah Pancaran Air Hidup 27 Desember 2025

27 December 2025

Waosan: Jabur 148 : 1 – 14  |  Pamuji: KPJ. 27
Nats: Kabeh iku kareben padha memuji marang asmaning Yehuwah, awit mung asmane kang luhur, kamulyane ngungkuli bumi lan langit.” (Ayat 13)

Punapa panjenengan nate mangertos segawon lan kucing ndedonga saderengipun nedha? Kadosipun mokal, nanging ing jaman samangke saged kemawon kelampahan menawi segawon lan kucing punika dipun latih. Sadaya titah sami kagungan maneka cara lan basanipun piyambak-piyambak, tamtunipun estu elok sanget menawi kita saged nglatih kewan punika kangge nindakaken aktifitas sesarengan, ugi anggenipun donga sarta memuji Gusti mawi cara ingkang unik.

Juru Mazmur mangertos bilih sadaya titah kagungan-Ipun Gusti saged memuji lan ngluhuraken asmanipun Gusti, mboten namung winates manungsa kemawon. Pramila, nalika Juru Mazmur punika mandeng langit ingkang elok, piyambakipun ngraosaken mboten gesang piyambakan ing alam donya punika. Gusti Allah ingkang nitahaken donya saisinipun nuwuhaken gesang kanthi harmonis. Mboten wonten titahipun Gusti Allah ingkang saged gesang piyambakan, mliginipun manungsa, mesthi mbetahaken titah sanesipun. Pramila, Juru Mazmur ngajak sadaya titah, sae ingkang wonten langit lan bumi sami ngluhuraken asmanipun Gusti. Tetunggilaning sesami titah punika saged mujudaken eloking pigesangan, ingkang jalari tentrem rahayu ing saindenging bumi. Saking pepujian Juru Mazmur punika nyumurupaken pigesangan ingkang saestu harmonis ing antawisipun sesami titah, tansah jalari berkah gesang langgeng ing pangayomanipun Gusti.

Pahargyan Natal punika dados pratanda bilih kawilujengan sejati saking Gusti Allah sampun nyata mawi miyosipun Gusti Yesus Kristus ing donya. Awit punika, mangga kita sami memuji lan ngluhuraken asmanipun Gusti. Mboten namung winates manungsa kemawon, nanging ugi sesami titah sami ngaluhuraken asmanipun Gusti. Kados ta para pangon sarta menda-mendanipun ingkang sami murugi bayi Gusti Yesus, lan para majus saking tlatah wetan ingkang katuntun lintang wetan ing langit, rawuhipun Gusti Yesus saestu dados pratandha rukun ing antawis sesami titah. Mila sampun sakmesthinipun kita tansah ngupaya ngrimati sesami titah ing alam donya kanthi tulus, supados sadaya punika dados berkah ing pigesangan. Amin. [mojoo].

“Saindenging Alam Donya Sami Memuji, Awit Sih Tresnanipun Gusti.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak