Pandonga Ingkang Kasembadan Pancaran Air Hidup 27 Desember2023

27 December 2023

Waosan: 1 Samuel 2 : 1 – 10 | Pamuji: KPJ. 346a : 1, 2
Nats: “Jangkahe wong kang kinasihan diayomi, nanging wong duraka bakal mati lebur ana ing pepeteng. Amarga panguwasaning wong ora saka karosane dhewe.” (Ayat 9)

Ing perangan waosan kita kagambaraken Ibu Hana ingkang ngaturaken pamuji sokur dhumateng Gusti awit sampun kersa mangsuli pandonganipun. Pamuji sokuripun Hana punika saestu nglangkungi pepujanipun para ibu ingkang nembe pinaringan putra. Ingkang dipun unjukaken Hana nedahaken bilih piyambakipun saestu wanuh kaliyan Gusti. Ukara-ukara ingkang dipun ucapaken saestu agung, saengga ndadosaken kita ngakeni bilih Hana punika saestu raket kaliyan Gusti. Ing tradisi Yahudi nglairaken putra jaler punika dados kwajibanipun tiyang estri. Bilih wonten tiyang estri ingkang boten saged paring keturunan (mandul), kamangka punika dados wadining brayat, mliginipun wadining semahipun. Punika ingkang dipun alami Hana, ing pundi tanggeljawab nglajengaken garis keturunan semahipun dados tugas ingkang awrat kagem piyambakipun.

Sacara manungsa, Hana punika sampun kecalan pangajeng-ajeng karana Gusti sampun nutup guwa garbanipun. Piyambakipun yakin saestu inggih namung Gusti piyambak ingkang saged paring pitulungan. Karana saking punika piyambakipun enggal-enggal sowan Gusti kalawan manah ingkang remuk. Ing ngarsanipun Gusti, Hana nguda raos lan ngaturaken sadaya momotan awrat ingkang dipun sanggi. Piyambakipun ngantos dipun kinten mendem dening imam Eli, nanging piyambakipun boten peduli. Nalika sowan ing pandonga, Hana ngaturaken punagi (bernazar), “Dhuh Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, manawi Paduka nggalih dhateng karibedanipun abdi Paduka lan karsa ngengeti kawula saha boten kasupen dhateng abdi Paduka, nanging maringi anak jaler dhateng abdi Paduka punika, kawula badhe ngaturaken lare punika dhateng Sang Yehuwah sajeging gesangipun saha sirahipun boten badhe kagepok ing lading panyukuran.” (1 Sam. 1:11). Pungkasan Gusti mangsuli panyuwunanipun Hana punika.

Nalika kita ndedonga kanthi tulus lan pasrah saestu dhateng Gusti saha temen anggen nyuwun welas asihipun, menawi sampun dumugi wekdalipun Panjenenganipun mesthi maringaken pitulungan-Ipun. Pandonga kagem Hana punika dados sumbering kakiyatan lan panglipuran. Pangajeng – ajeng dhateng Gusti sanes bab ingkang nglaha. Pangupadi saha pangajeng – ajeng ingkang linambaran pandonga boten badhe nglaha, punapa malih pangajeng-ajeng kagem patunggilan ingkang yekti ingkang ndhatengaken rahayu gesanging umat mesthi kasembadan. Amin. [nDrung]. 

“Gusti tansah kersa nelengaken talinganipun.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak