Janji Dudu Sewates Janji Renungan Harian 27 April 2020

27 April 2020

Waosan  : Purwaning Dumadi 18 : 1 – 14      |      Pamuji  :  KPJ. 155
Nats
: “Tumraping Yehuwah apa ana kang mokal? Ing wektu kang wus katetepake iku, yaiku setaun engkas Ingsun bakal ngrawuhi sira maneh, nuli Sara bakal duwe anak lanang.” (Ay. 14)

CIDRO

Wes samestine ati iki nelongso
wong seng tak tresnani mblenjani janji
opo ora eling naliko semono
kebak kembang wangi jeroning dodo
kepiye meneh iki pancen nasib ku
kudu nandang loro koyo mengkene
remuk ati iki yen eling janjine
ora ngiro jebul lamis wae
dek opo salah awakku iki
kowe nganti tego mblenjani janji
opo mergo kahanan uripku iki
mlarat bondo seje karo uripmu
aku nelongso mergo ke bacut tresno

Lagu punika salah satunggaling lagu ingkang dipun ciptakaken dening Didi Kempot. Paring gegambaran kados pundi raosipun tiyang ingkang nandang kuciwa ngantos cidro karana dipunabenajengaken kaliyan kekasih ingkang mblenjani janjinipun.

Manungsa punika gampil sanget mblenjani janjinipun karana mawarni-warni pambengan. janji ingkang dipunaturaken ugi saged dipunowahi ningali kahanan. Benten janjipun manungsa kaliyan janjinipun Gusti. Gusti badhe netepi punapa ingkang sampun dipunprasetyakaken dateng kita.

Kita saged manggihi saking carios nalika Gusti Allah janji dhumateng Rama Abaraham badhe paring putra kakung. Mireng dhawuhipun Gusti, Ibu Sara gumujeng. Ibu Sara gumujeng karana nganggep prastawa punika mokal – ngemuti bilih kawontenan piyambakipun ingkang sampun sepuh. Ugi gumujeng karana piyambakipun boten pitados Gusti badhe netepi janjinipun ingkang sampun dipunprasetyakaken, ngemuti bilih Gusti sampun nate prajanji kados mekaten ananging dereng dipuntetepi. (Bnd. PD 16:11, 17:4-5). Ibu Sara nganggep bilih janji ingkang dipunprasetyakaken dening Gusti punika sami kemawon kaliyan janjinipun manungsa, wusana badhe dipunblenjani.

Sanaosna janjinipun Gusti punika karaosaken mokal, ananging kita kedah tetep pitados bilih Panjenenganipun badhe netepi punapa ingkang sampun dipunprasetyakaken dateng kita. Mekaten ugi kita kedah pitados bilih Panjenenganipun boten nate nilar saha negakaken kita gesang piyambakan, ngadhepi momotaning gesang. Janjinipun Gusti menawi dereng tamtu tepat waktu, ananging mesthi kelampahan ing waktu yang tepat, janjinipun Gusti menawi boten kados pepinginan kita, ananging mesthi pas kangge kabetahan kita. (OCEP)

“Tansah sabar ing panganthi janjine Gusti, pitados mesthi ditetepi”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak