Waosan: Mateus 16: 13 – 20 | Pamuji: KPJ. 290
Nats: “Pangandikane Gusti Yesus marang Petrus: Rahayu kowe! Simon bin Yunus, amarga kang nglairake iku marang kowe dudu daging lan getih, nanging Rama-Ku kang ana ing swarga.” (Ayat 17)
Wonten lare sekolah ingkang dipun paringi tugas damel puisi ingkang gambaraken bapanipun. Lajeng lare punika nyerat puisinipun kanthi gambaran bapanipun. Kasebataken ing puisi punika menawi bapanipun punika pendita. Ingkang saben dinten Minggu ngladosi pangabekti Minggu ing greja. Saben dinten Kamis ngladosi patuwen. Saben Selasa rapat ing greja. Saben Jumat ngladosi katekisasi. Bapanipun ugi dipun gambaraken piyantun ingkang kebak katresnan dhateng brayat lan pasamuwan, remen paring pitulungan, sabar lan tanggeljawab. Saking puisinipun, lare punika ngakeni menawi bapanipun punika idolanipun. Dados idola karana tumindak sarta pangucap bapakipun saged dados tuladha ingkang sae kangge para anak-anakipun.
Waosan kita dinten punika nyariosaken pangakenipun Petrus bab sinten Gusti Yesus punika. Nalika semanten Gusti Yesus atur pitakenan dhateng para sakabat,”Kandhane wong-wong, Putraning Manungsa iku sapa?” Saking antawisipun para sakabat wonten ingkang mangsuli, miturut tiyang-tiyang Gusti Yesus punika Nabi Yokanan Pambaptis, Nabi Elia, Nabi Yeremia utawi salah satunggaling nabi. (Ay. 14). Lajeng Gusti Yesus ngendikan malih, “Nanging tumraping kowe, Aku iki sapa?”(Ay. 15). Saking pitaken punika, Simon bin Yunus mangsuli,”Paduka punika Sang Kristus, Putraning Allah ingkang gesang!” (Ay. 16). Gusti Yesus lajeng ngendikan, bilih pangaken Simon punika tuwuh saking Gusti Allah Sang Rama ing swarga. Lan awit saking pangaken punika Simon lajeng kasebat Petrus ingkang tegesipun watu karang.
Saben dinten Minggu, kita sami ngantepaken kapitadosan kita srana ngucapaken pangaken pitados rasuli utawi sahadat kalih-welas. Ing pangaken punika, kita ngakeni Gusti Yesus punika, Gusti Allah ingkang kersa dados manungsa, nandhang sangsara, seda, lan wungu malih ing tigang dintenipun. Kita pitados Gusti Yesus Juru Wilujeng kita. Sarana pangaken punika, iman kapitadosan kita sangsaya dipun kiyataken. Nanging kita ugi kedah enget, pangaken kita punika kedah mawujud ing gesang padintenan. Artosipun kita ngakeni panguwaos, pangrimatan, lan pakaryan-Ipun Gusti Yesus wonten ing gesang kita. Kita pitados Gusti Yesus tansah setya nganthi lan nunggil kita. Sumangga sauruting lampah gesang kita, kita tansah ngakeni Gusti Yesus, Juru Wilujeng gesang kita. Amin. [AR].
“Pangaken ingkang tulus punika lair saking manah ingkang tulus”