Mbangun Turut Allah Pancaran Air Hidup 27 Agustus 2021

27 August 2021

Waosan: Pangentasan 32 : 15 – 35 | Pamuji: KPJ. 208
Nats:
“Wiwit samengko kowe padha misungsungna awakmu marang Pangeran Yehuwah,siji-sijine padha misungsungna nyawane anake lanang lan sadulure, temah kowe padha kaparingan berkah ing dina iki.” (Ayat 29).

Tamtunipun sedaya tiyang sepuh rumaos bingah bilih nggadah anak ingkang mbangun turut dhumateng tiyang sepuhipun. Kosokwangsulipun tiyang sepuh badhe ngraosaken sisah, kuciwa bilih nggadah anak ingkang mboten purun mbangun turut dhumateng tiyang sepuhipun. Sesambetanipun Pangeran Yehuwah kaliyan bangsa Israel saged ugi dipun gambaraken kados dene tiyang sepuh kaliyan anak.

Ing waosan punika nyariosaken bab lelampahanipun bangsa Israel ingkang mboten purun mbangun turut dhumateng Sang Yehuwah. Kenging punapa? Kaping sapisan, bangsa Israel mboten sabar ngrantos nabi Musa mandhap saking ardi Sinai temahan damel reca pedhet ingkang dipun anggep allahipun. Kaping kalih, Rama Harun minangka pemimpin ingkang nyarirani bangsa Israel wonten ing sakngandhapipun ardi Sinai, mboten teges lan namung nuruti kekarepanipun umat Israel. Kalih prekawis punika ingkang dados jalaran nabi Musa duka. Pramila piyambakipun ngatag bangsa Israel mekaten, “Sing sapa nganggep Pangeran Yehuwah, majua mrene!” Para tiyang Lewi sami majeng lan dipun dhawuhi supados nyengkelit pedhang ndlajahi palereban, temahan ndadosaken 3000 tiyang Israel seda. Selajengipun nabi Musa ugi nyuwun supados bangsa Israel ingkang taksih gesang sami misungsungaken gesangipun wonten ngarsanipun Sang Yehuwah.

Saking waosan punika kita saged nampi piwucal luhur inggih punika:

  1. Sumangga kita tansah mbudidaya dados tiyang Kristen ingkang mbangun turut dhumateng Pangeran Yehuwah.
  2. Wujud nyata mbangun turut punika saged katindhakaken sarana misungsungaken gesang kita (pikiran, tetembungan, tumindhak, sawetawis raja brana) kagem kaluhuran asmanipun Pangeran Yehuwah lantaran Greja Kristen Jawi Wetan.
  3. Umpami kita kajibah dados pemimpin ing salebeting brayat, masyarakat, pasamuwan lan papan nyambut damel, wujud nyata mbangun turut punika saged kita lampahi srana dados pemimpin ingkang teges mboten nuruti kekarepan ingkang mboten sae. Pemimpin ingkang tanggel jawab, ingkang mboten namung ngupadi aruming nama. (Sugimbul).

 “Padha mbangun turuta, tumemen ing pracaya.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak