Waosan: Yesaya 5:15-24 | KPJ. 92:1,4
Nats: “Cilaka kowe, merga sing becik kokarani ala, sing ala kokarani becik. Peteng kokarani padhang lan pait kokarani legi” (ay.20)
Bapak tamtu kepingin para putra-putrinipun dados tiyang ingkang becik anggenipun nglampahi gesang, matemah gesangipun sae malah migunani marang tiyang sanes. Wiwit alit para putranipun dipundidik nindakaken kasaean, contonipun kedah wicantenan ngangge basa ingkang alus, jujur, nggatosaken sedherekipun lsp. Kalebet ing bab iman, wiwit alit sampun dipunsinaoni ndedonga lan pitados dhumateng Gusti. Menawi wonten putranipun ingkang ndableg tamtu Bapak duka, napa malih menawi wonten ingkang mbalela, Bapak saged paring ukuman. Bapak tamtu mboten kepingin paring ukuman marang para putra-putrinipun supados kapok ngraosaken sakit, ananging supados para putra punika sadhar bilih tingkah polahipun klentu lan mboten diambali malih.
Mekaten ugi gesang kita ing ngarsanipun Allah minangka Gusti lan Rama kita. Wiwit Gusti Allah anyipta manungsa, ugi nalika Gusti Allah medalaken bangsa Israel saking Mesir dipuntindakaken kanthi sae. Pikajenganipun bangsa Israel saged ndherek tut wingkingipun Gusti Allah ingkang tansah paring pitedah ingkang sae supados bangsa Israel ugi gesang kanthi becik.
Ngantos sakpunika Gusti Allah sejatosipun tansah paring kesaean tumrap para manungsa. Emanipun, manungsa ingkang tansah dikupengi kasaean saking Gusti punika asring kesupen lan mbalela, mboten manut lan mboten purun ndherek tut wingking nuladha kasaeanipun Gusti. Contonipun, langkung milih mboten jujur tinimbang ajur miturut penggalihipun piyambak, lajeng milih ngakali tiyang sanes supados bathi lsp. Kesupen bilih Gusti tansah nggatosaken tindak tandukipun para manungsa, kados Bapak marang para putranipun. Mila mboten ngeramaken menawi Gusti duka lan kuciwa ningali tindak-tandukipun para manungsa ingkang mboten sae, malah nyilakani sesaminipun.
Ingkang mbalela bakal pikantuk kacilakan, ingkang gesang becik bakal pikantuk keadilan. Mila timbalanipun gesang tiyang Kristen inggih punika nulad kabecikanipun Allah ingkang sampun kaparingaken tumrap manungsa. Kanthi mekaten, ing satengahing kepaitan, manungsa saged ngraosaken legi, lan ing satengahing pepeteng, manungsa pikantuk padhang. [fani]
„Gesang kula kedah becik, awit Gusti tuladhaku.“