Waosan : Ibrani 9 : 11 – 15 | Pamuji : KPK 81:1.
Nats: “Balik Gusti Kristus wus rawuh jumeneng Imam Agung tumrap bab-bab kang becik kang bakal kelakon.” (ayat 11a)
Refrein :
Lha apa ta kanca ati kerep lara ra gelem rekasa mbudi daya
Pancèn kabèh padha péngin urip mulya wiwitan rekasa pancèn nyata.
Punika péranganing lelagon “Ja Padha Nelangsa”-nipun Koes Ploes ingkang menawi kita raos-raosaken èstu leres sanget. Lelagon punika ngèngetaken bilih menawi kita kepéngin gesang mulya, mila kedah purun mbudidaya lan ugi purun rekasa. Tamtu, mbudidaya lan rekasa ingkang dipun pikajengaken ing ngriki sesambetan kaliyan bab-bab ingkang saé ingkang migunani tumrap kawanguning pigesangan.
Kamulyan ingkang dipun rumiyini gesang rekasa utawi kasangsaran, èstunipun sanès prekawis ingkang elok tumrap gesangipun tiyang Kristen. Awit, prekawis punika sampun cetha sanget kacariyosaken ing Kitab Suci, inggih punika lumantar tuladha ingkang dipun tedahaken Gusti Yesus. Lumantar lampah gesang rekasa murih kawilujenganing manungsa, punika sedaya dipun lampahi Gusti Yesus. Boten namung rekasa utawi sangsara, Panjenenganipun malah ngantos séda-sinalib. Saèstu, sedaya punika sampun kacariyosaken kanthi gamblang wonten ing Kitab Suci, lan kita tiyang Kristen sampun mangertos sanget. Inggih awit lelampahan punika Gusti Yesus nampi kamulyan sinebut “Imam Agung tumrap bab-bab kang becik kang bakal kelakon.” (ay. 11a)
Ing jaman samangké (mliginipun), boten sekedhik tiyang (klebet tiyang Kristen) ingkang kepéngin mulya gesangipun nanging boten purun rekasa. Milanipun boten sekedhik ugi tiyang ing jaman punika ingkang nindakaken korupsi, pados kasugihan, lsp. Sedaya wau inggih (salah satunggalipun) awit sipating manungsa ingkang namung “golèk pénak”, boten purun rekasa anggenipun kepéngin mulya. Milanipun rahayu saben kita ingkang boten ajrih rekasa utawi sangsara ing tumindak saé condhong kaliyan karsanipun Gusti. Awit Gusti piyambak ingkang paring kamulyan ingkang sejatos…. [wn]
“Pasrah mring kekiyataning Sang Pamarta murih isa nggayuh kamulyan.”