Waosan : Jabur 111: 1-10 | Pamuji: KPJ 146: 1, 2
Nats: “Pakaryane Sang Yehuwah iku agung, patut dititi-priksa dening sakehing wong kang kasengsem.” (ay.2)
Wekdal ibadah padhang adi yuswa, kula atur pitaken bab suwarga. Miturut pemanggihipun para adi yuswa kinten-kinten kados pundi swasana kraton suwarga punika. Wonten ingkang dhawuh boten mangertos, wonten ingkang nggambaraken kados dene taman ingkang seger; papan panggenan ingkang ayem tentrem. Wonten ugi ingkang nggambaraken swasananipun kebak pamuji dhumateng Gusti,saha Kabingahan ingkang langgeng. Menawi pancen mekaten tamtu kraton swarga punika dados papan panggenan idaman tumrap manungsa. Mila lajeng manungsa sami tandhing supados mlebet ing kraton swarga.
Ananging kangge nampi ayem tentrem, bingah, gesang ingkang kebak pamuji, punapa kedah ngrantos mbenjang menawi sampun mapan wonten ing kraton swarga? Menawi pancen sedaya swasana endah punika karasoaken mbenjang, lajeng punapa ingkang dipunraosaken sadangunipun gesang ing alam donya punika? Punapa namung repot kaliyan pergumulan, persoalan ingkang tan kendhat ngiring gesang, ngantos boten gadhah wekdal ngraosaken kabingahan lan ayem tentrem?
Sejatosipun kita saged ngraosaken swasana kraton swarga ing gesang kita wiwit sapunika, karana :
- Gusti Allah kita Gusti ingkang asih mirma lan ambeg welasan, kadosa pundi ruwet-rentenging gesang kita (ayat 4).
- Kaadilanipun Gusti tetep kangge salami-laminipun (ayat 7).
- Umatipun pinaringan pangentasan, karana janji kasetyanipun Gusti tumanem kangge salami-laminipun (ayat 9).
Ngemut-emut sih kadarman, kaadilan sarta janji kasetyanipun Gusti menika, saestu dados sumbering kabingahaning gesang, ingkang kebak ayem tentrem. Punika mboten ateges kita lajeng nyepelekaken lan ngenthengaken reribeting gesang. Reribeting gesang kita punika kedah tetep dipunadhepi lan kita rampungi kanthi margi ingkang wicaksana. Kita taksih kagungan Gusti ingkang perduli! Mila mangga….tansaha bingah!(PKS)
„Karsa Paduka mugi kalampahan wonten ing bumi kados dene wonten ing swarga“