Waosan: Wahyu 22 : 8 – 21 | Pamuji: KPJ. 417
Nats: “… sing sapa laku bener, terusa laku bener; sing sapa suci, cikben terus nucekake awake!” (Ayat 11)
Kados pundi caranipun kita saged miji tiyang punika dipun wastani tiyang bener punapa mboten? Inggih, kita saged miji tiyang punika tiyang bener punapa mboten, saged dipun tingali saking laku gesangipun. Tiyang bener tamtu laku gesangipun badhe nuwuhaken kasaenan, kasantosan, lan berkah tumrap sesaminipun. Punapa ingkang dipun tindakaken laras kaliyan punapa ingkang dipun ucapaken. Mekaten ugi salebeting gesangipun, tiyang bener punika saged dados tuladha kangge tiyang sanes ing sakiwa tengenipun. Piyambakipun tansah mbangun miturut karsan-Ipun Gusti Allah, saengga salebeting gesangipun tansah nindakaken kabeneran lan kasucen. Tamtu pangajeng-ajengipun kita minangka tiyang Kristen saged dados tiyang bener, tiyang ingkang setya tuhu dhumateng Gusti sarta nindakaken karsan-Ipun Gusti ing salampahing gesang kita.
Waosan kita ing dinten punika mratelakaken bab laku gesang ingkang bener lan suci. Kacariyos Rasul Yokanan nalika ing Patmos nampi paningal saking Gusti Allah bab pungkasaning zaman lan rawuhipun Gusti Yesus ingkang kaping kalih. Ing paningalipun punika, rasul Yokanan nampi sabda, “Lah Ingsun bakal enggal rawuh, sarta ngasta ganjaraningSun, kagawe males marang sawiji-wijining wong miturut sapanggawene. Ingsun iki Sang Alfa lan Sang Omega, Kang Murwani lan Kang Mungkasi, Kang Wiwitan lan Kang Wekasan.” (Ay. 12-13). Gusti Yesus piyambak ingkang medar sabda punika bilih Panjenenganipun badhe rawuh malih kagem ngadili para manungsa miturut laku gesangipun. Pramila ing ayat nats kita Gusti Yesus ngersakaken supados para umat kagungan-Ipun tansah gesang ing kabeneran lan kasucen (Ay. 11). Kanggenipun tiyang ingkang laku bener lan suci punika badhe kaparingan gesang langgeng kaliyan Gusti Yesus.
Mungkasi sasi budaya punika, kita sami dipun engetaken malih kados pundi laku gesang kita sapunika? Punapa gesang kita sampun tumindak bener lan suci? Pangandikanipun Gusti ing dinten punika ngajak kita laku bener lan suci. Mangga kita trapaken sabdanipun Gusti punika, kita sedya nindakaken laku gesang ingkang bener lan suci. Kita budayakaken tumindak gesang ing mbangun turut timbalanipun Gusti sarta migunani kangge sesami. Sarana laku gesang bener lan suci punika, kita imani bilih kita badhe gesang langgeng kaliyan Gusti Yesus. Mugi kita tansah kasagedna nindakaken laku gesang ingkang bener lan suci. Amin. [AR].
“Laku bener lan suci punika wujud anggen kita nresnani Gusti Yesus.”