Waosan: Yesaya 42 : 1 – 9 | Pamuji: KPJ. 266 : 1 – 3
Nats: “Delengen iku abdiningSun kang Sunasta, pilihaningSun kang ndadekake renaningSun.” (Ayat 1a)
Semboyan-ipun Ki Hajar Dewantara ungelipun: “Ing Ngarsa Sung Tuladha, Ing Madya Mangun Karsa, Tut Wuri Handayani. Artosipun ing ngajeng maringi tuladha, ing tengah mbangun krenteg/niyat lan semangat, ing wingking ngemong sinambi ngoreksi lan njagi kawilujenganipun sedaya. Ing sakawit semboyan punika katujokaken dhateng para pamong/guru ing lingkungan Taman Siswa. Ananging ing wekasanipun dados acuan kangge para pemimpin, guru, tiyang sepuh, lan sok sintena ingkang tugasipun magepokan kaliyan tiyang kathah. Semboyan punika isi pitutur: ing ngajeng saged njagi sikap lan tandang-damelipun, dados conto ingkang sae; ing tengah maringi motivasi lan semangat supados para tiyang ingkang dipun pimpin saged mujudaken gesang ingkang langkung sae; ing wingking maringi arahan ingkang cetha lan tepat kangge njagi kawilujengan lan katentremanipun tiyang kathah.
Abdi pilihanipun Pangeran Yehuwah lan ingkang ndadosaken renaning Panjenenganipun, inggih punika Sang Kristus. Panjenenganipun piyantun ingkang andhap-asor, saged dados motivator, sarta nindakaken kaadilan lan kaleresan. Nalika kita lungkrah lan patah semangat, Panjenenganipun mboten badhe nilar kita, nanging setya ngangkat kita. Pramila, sesambetan ingkang langkung raket kaliyan Sang Kristus tansah kita betahaken, supados kita saged mujudaken raos simpati lan empati dhateng sesami, minangka refleksi kasaenan, katresnan, lan andhap-asoripun Gusti Allah kangge sedaya titah. Israel lan Sang Kristus asring kasebut ‘abdi’. Israel minangka abdinipun Gusti Allah, kaparingan tugas mitulungi sarta nuntun jagad supados sami paham bab Panjenenganipun. Gusti Yesus Kristus ingkang nyampurnakaken tugas punika lan nedahaken Gusti Allah Sang Rama dhateng jagad.
Pakaryanipun Sang Kristus ing bumi inggih punika mujudaken kaleresan, kaadilan, kawilujenganipun Allah saha dados pepadhang kangge bangsa-bangsa. Lumantar Sang Kristus, sedaya tiyang kaparingan kesempatan cawe-cawe ing pakaryanipun Allah. Gusti Allah nimbali kita dados abdinipun supados kita nindakaken karsa-Nipun lan dados pepadhang kangge tiyang sanes. Sumangga kita tansah ngaturi papan kagem Gusti supados pepadhang-Ipun tansah sumunar ing salebeting gesang kita lan kita saged dados tuladha kangge dhiri kita lan sesami. Amin. [Esha].
“Sengkud makarya ing pamrih sepi.”