Waosan: Lukas 9 : 37 – 43a | Pamuji: KPJ. 92
Nats: “Lan nalika bocah mau nyedhaki Gusti Yesus, banjur dibanting dening dhemite lan diontang-antingake. Nanging dhemit mau nuli didukani dening Gusti Yesus lan bocahe diwarasake sarta dipasrahake marang bapakne.” (Ayat 42)
Sehat punika wujud berkahipun Gusti ingkang ageng kangge kita. Karana sehat, kita saged nyambut damel, ngabekti dhateng greja, tindak dhateng papan ingkang tebih, lsp. Mila supados badan kita sehat, kita kedah nedha tetedhan ingkang bergizi, olah raga, lan istirahat ingkang cekap. Pengajeng-ajengipun kita saged sehat lair batin, ngraosaken bagas kasarasan ingkang utuh. Nanging kasunyatanipun ing sakiwa tengen kita, kathah tiyang ingkang sakit, sae punika sakit jasmani ugi rohaninipun. Bilih tiyang punika sakit jasmaninipun, piyambakipun taksih saged dipun obati lan dipun sarasaken srana ngunjuk obat ugi dhateng griya sakit, nanging bilih tiyang punika sakit rohaninipun, punika ingkang ewet dipun obati lan dipun sarasaken. Awit saking punika penting kangge kita njagi kesehatan.
Waosan kita ing dinten punika saking Injil Lukas 9:37-43 nyariosaken Gusti Yesus nyarasaken bocah ingkang kapanjingan dhemit. Nalika semanten wonten salah satunggaling tiyang sepuh ingkang nyuwun tulung dhumateng Gusti Yesus supados karsa nyarasaken anakipun ingkang kapanjingan dhemit (Ay. 38). Saking ngriku, Gusti Yesus karsa nyarasaken bocah punika. Dhemit ingkang wonten bocah punika dipun dukani kaliyan Gusti Yesus, lajeng bocah punika dipun sarasaken Gusti Yesus sarta dipun pasrahaken dhateng bapanipun (Ay. 42).
Kawontenan gesang kita manungsa punika kebak karingkihan lan asring nandhang sakit. Kados dene tiyang sepuh ingkang nyuwunaken kasarasan kangge anakipun, mekaten ugi kita, mangga kita ndedonga dhumateng Gusti Allah. Kita nyuwun bagas kasarasan lan kakiyatan supados kita enggal sehat lan saged nglajengaken gesang kita malih. Mekaten kaliyan Yayasan Kesehatan GKJW, YK dipun agem Gusti dados sarana kesaksian GKJW ing bidang kesehatan. Ing ngriki kita tansah saos sokur dhumateng Gusti Allah bilih ngantos wekdal punika YK saged nindakaken peladosanipun kangge masyarakat ing tlatah Jawi Wetan. Sampun kathah tiyang sakit ingkang tindak dhateng griya sakit-griya sakitipun GKJW, ngraosaken kasarasan. Sadaya punika karana Gusti Yesus makarya lan nulungi manungsa ing karingkihanipun. Mangga kita sami njagi kesehatan kita, kita tansah ngupaya bagas kasarasan ingkang sanyata. Amin. [AR].
“Sehat punika sarana kangge kita nindakaken pakaryanipun Gusti.”