Ora Lumrah Dadi Berkah Pancaran Air Hidup 25 Juni 2024

25 June 2024

Waosan: Lelakone Para Rasul 27 : 39 – 44  |  Pamuji: KPJ. 446
Nats: “Nanging, opsire kapengin nggesangi Rasul Paulus. Mulane niyate pra prajurit mau digagalake sarta prentah, supaya wong-wong kang bisa nglangi padha ndhisiki nyegur ing sagara lan munggah ing dharatan, dene wong-wong liyane padha didhawuhi nusul kalawan migunakake blabag utawa pecahan-pecahan prau. (Ayat 43-44A)

Taksih kemutan Riyanto? Anggota banser ingkang seda nalika njagi ibadah “malam Natal” wonten ing GSJPDI Eben Haezer Mojokerto, 23 tahun kepengker. Riyanto mlajeng mbekta bom kabungkus plastik nebih saking greja supados kathah tiyang ingkang mahargya natal sami wilujeng. Emanipun, nalika kabucal, bom punika mbledhos. Riyanto seda, rasukan sragam banser ingkang kaagem nalika prastawa punika taksih kasimpen ngantos samangke. Wonten ingkang nyebat piyambakipun punika “Pahlawan Natal”. Sinten ingkang nginten bilih sedherek muslim punika seda karana nulungi sedherek Kristen uwal saking bebaya.

Prastawa punika ngengetaken kita tumrap lelampahipun Rasul Paulus nalika tumuju ing Roma sesarengan kaliyan para pesakitan. Nalika semanten prau ingkang dipun tumpangi Rasul Paulus nabrak klabar temahan kandhas. Karana kuwatos bilih mlajeng lan minggat, para prajurit sampun sedya badhe mejahi para pesakitan punika, kalebet Rasul Paulus. Kenging punapa kedah dipun pejahi? Karana ing hukum Romawi, menawi para pesakitan punika mlajeng utawi minggat, ukuman kangge para pesakitan punika badhe katampi dening para prajurit ingkang saweg njagi. Nanging kita ningali saking waosan dinten punika bilih Gusti Allah mboten mendel ing sajroning karibetan punika. Sinten ingkang nginten menawi pitulungan punika mijil saking opsir ingkang nggagalaken rancanganipun prajurit kanthi prentah supados para tiyang ingkang saged nglangi ngrumiyini minggah dharatan kasusul tiyang sanesipun ngginakaken blabag utawi pecahan prau. Wusananipun, Paulus lan sedaya tiyang kalawau sami wilujeng, uwal saking pati.

Prastawa ing inggil nedahaken dhumateng kita bilih pakaryanipun Gusti punika asring mboten saged tinemu nalar. Wonten maneka cara ingkang kaagem dening Gusti, kados-kados mboten limrah, ananging malah ndadosaken berkah. Gusti tansah kagungan cara nulungi lan milujengaken kagunganipun. Sinten kemawon lan punapa kemawon saged kaagem minangka talanging berkah saking Gusti, senaosa kadosipun mboten limrah. Pramila, sumangga kita sami pitados bab pakaryanipun Gusti kangge gesang kita, lan sumangga kita sumadya makarya kagem Gusti dados lantaraning berkah tumrah sesami ing gesang padintenan. Amin. [KRW].

“Ing astane Gusti, kang ora lumrah bisa dadi berkah.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak