Kartonyono Pancaran Air Hidup 25 Juni 2020

25 June 2020

Waosan :  Galati 5 : 2 – 6  |  Pujian  : KPJ. 326
Nats
: “Padha rungokna. Aku, Paulus, ngandhani kowé: yèn kowé gelem ditetaki, kuwi ateges Sang Kristus ora ana gunané kanggo kowé” (Ay. 2)

“…Kartonyono ning Ngawi medot janjimu
Ambruk cagak ku nuruti angen-angenmu
Sak kabehane wes tak turuti tapi malah mblenjani…”

Punika saperangan lirik lagu ingkang viral lan dipungandrungi kaliyan kathah tiyang, penyanyinipun asli Ngawi asmanipun Denny Caknan. Soksintena kemawon ingkang mirengaken lagu punika diajak ngraosaken tetiyang ingkang kasmaran nanging mboten nampeni sukabingah, malah kosokwangsulipun katrenanipun dipunblenjani. Lelampahan punika saestu asring kadadosan ing pigesangan kita sami, sae wontening pigesangan bebrayatan ugi gesang kaliyan tiyang sanes. Bab punika saged kadadosan amargi dereng mangertosi sejatosipun katresnan. Olah katresnan malah dipunblenjani, mboten wonten kasetyan ingkang dipuntumindakaken, mila kawujud crah, congkrah, lara ati (milenial=galau).

Sejatosipun Rasul Paulus sampun ngemutaken kita sedaya lumatar layangipun dumateng pasamuwan ing Galati. Rasul Paulus ngemutaken bilih, kathah tiyang ingkang asring dereng mangertosi kanthi saestu bab pitados Gusti Yesus utawi dados pandherekipun Sang Kristus. Kathah ingkang taksih dereng jejeg anggen pitados Gusti Allah. Kados ing ayat 2 ingkang nyebataken,“… yèn kowé gelem ditetaki, kuwi ateges Sang Kristus ora ana gunané kanggo kowé”. Ayat punika nedahaken bilih taksih kathah tiyang pitados ingkang dereng saged mbentenaken tradisi (taat tradisi) kaliyan pakaryan Gusti Yesus. Sejatosipun tetak punika sampun dipun makanai enggal kaliyan Gusti Yesus ingkang saestu dados wujud setya lan katresnan ingkang sejati.

Mila anggen kita miwiti bulan keluarga punika, kita dasari kanthi saestu mangertosi maknanipun keluarga utawi brayat punika. Sampun ngantos kados “Kartonyo medot janji” ingkang  mblenjani katresnan. Sumangga kita landesi bulan keluarga punika kanthi saestu nuladhani katresnanipun Gusti Yesus ingkang sejati. Kita purun mbangun gesang bebrayatan ingkang kebak ing katresnan, mboten namung sae/romatis ing wiwitan bebrayatan (bulan madu) kemawon utawi sae/romantis ingkang semu. Sumangga kita mboten blenjani makna brayat ingkang kebak katresan saking Gusti, brayat ingkang dados saksi lan brayat ingkang rukun. (Gfc)

“Tresnaku asring mblenjani nanging tresnanipun Gusti langgeng salaminipun”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak