Waosan: Ester 3 : 7 – 15 | Pamuji: KPJ. 369
Nats: “Ingkang punika manawi wonten keparenging karsa dalem Sang Prabu, mugi wontena serat dhawuh dalem, ingkang suraosipun, supados bangsa wau katumpesa.” (Ayat 9a)
Kementerian Pemberdayaan Perempuan dan Perlindungan Anak (Kemen PPPA) nyatet bilih ing salebeting taun 2024 wonten 19.045 kasus panganiaya ing salebeting gesang bebrayatan ingkang kalaporaken. Kasus punika kelampahan awit manungsa mboten saged nyucekaken manah lan mejahi egonipun. Kawontenan ingkang mekaten ndadosaken tiyang kamitegan tumrap soksintena kemawon, sinaosa punika brayatipun piyambak.
Ing waosan kita kacariyosaken bilih amargi sengit, paningalipun Haman dados peteng. Piyambakipun mastani bilih sedaya tiyang Yahudi kedah ndherek nanggung tumindakipun Mordekhai ingkang mboten purun tunduk lan sujud dhateng piyampakipun. Kangge nindakaken rancanganipun, Haman ngelabuhi Prabu Ahasyweros supados ngedalaken titah kanthi cara tiyang Yahudi dipun pitenah minangka bangsa ingkang wangkot. Mboten saged dipun pungkiri nalika Haman kaangkat dados tiyang nomer kalih ing Krajan Persia, prabu Ahasyweros ngesahaken punapa ingkang dipun aturaken Haman, ngantos putusan tiyang Israel kedah dipun sirnakaken. Haman duka amargi kawontenanipun minangka tiyang ingkang kagungan panguwaos dipun remehaken dening Mordekhai, sinaosa Mordekhai mboten nggadah niat ngremehaken Haman. Ing ngriki Haman kawutakaken dening harga dhirinipun. Piyambakipun kamitegan ngginakaken panguwaosipun kangge nyirnakaken tiyang Yahudi. Nalika kita mirsani kawontenan punika, kita saged mangertosi kawontenanipun tiyang ingkang mboten saged nyucekaken manah lan mejahi egonipun saking raos nesu lan meri, nuwuhaken kawontenan ingkang nggegirisi. Kangge maremaken manah ingkang tatu, tiyang wantun tumindak awon.
Ing satengahing gesang bebrayatan kita asring kados dene Haman, asring ewed ngendhaleni raos duka. Raos duka ingkang mboten dipun kendhaleni saged nuwuhaken tembung-tembung ingkang nglarani, tumindak ingkang natoni, lan saged nuwuhaken tumindak brutal, ingkang wusananipun ngrisak gesang bebrayatan kita. Pramila wonten ing wulan kaluwarga samangke, sumangga kita tansah nyucekaken manah lan mejahi ego kita supados tetembungan lan tumindhak kita mboten nglarani lan natoni brayat kita. Kanthi mekaten ing pigesangan saben dinten, brayat kita badhe ngraosaken kaayeman lan katentreman. Amin. [YHS].
“Ati suci margining rahayu.”