Putra ingkang Mardika Pancaran Air Hidup 25 Juli 2023

25 July 2023

Waosan: Galatia 4 : 21 – 5 : 1 | Pamuji: KPJ. 351
Nats:Supaya kita mardika temenan, Sang Kristus wus mardikakake kita. Awit saka iku ngadega kang jejeg lan aja gelem maneh dikalungi pasangan pangawulan.” (5:1)

Wonten tiyang sadhean barang ngucap mekaten, “Barang bagus, barang bagus, asli import dari luar negeri. Beli sekarang, diskon 50%.” . Pangajeng-ajengipun sarana pangucap punika, barang sadheanipun saged laris, lan kathah tiyang ingkang numbas barangipun. Manawi kita nggatosaken salebeting gesang kita, tamtu kathah sanget pilihan ingkang ndadosaken kita asring bingung, sanajan pilihan punika sampun ketingal pundi ingkang saged kita piji kanthi sae.

Waosan kita ing wekdal punika nyariosaken bab kawilujengan. Rasul Paulus paring piwucal dhateng pasamuwan Galati bilih pasamuwan Galati saged nampi kawilujengan punika awit saking iman pitados dhumateng Gusti Yesus. Paulus maringi pangertosan bab kawilujengan punika ngangge gambaran antawisipun Ibu Sara lan Ibu Hagar. Kekalihipun punika semahipun rama Abraham lan sami nglairaken putra kagem Abraham. Ananging kekalihipun punika benten status. Paulus ngagem gambaran Sara lan Hagar punika supados tiyang Yahudi ingkang nuntut Toret dados syarat kawilujengan punika sami sadar bilih piyambakipun punika tedhak turunipun rama Abraham lumantar ibu Sara. Ishak punika lair karana prajanji lan sih rahmatipun Gusti Allah, sanes karana rama Abraham nindakaken Toret. Kosokwangsulipun, Ismael lair karana wonten pepinginan lan upaya rama Abraham supados angsal keturunan. Punika sanes ingkang dipun karsakaken Gusti. Paulus nyebataken bilih kawontenan punika dadosaken tiyang Yahudi kagolong putra ingkang mardika sanes putra abdi. Pramila kedahipun tiyang Yahudi gesang ingkang kamardikan, mlampah wonten ing rahing Sang Kristus.

Lumantar sabdanipun Gusti Allah punika, kita kaajak ningali malih kados pundi lampah gesang kita? Punapa kita sampun nglampahi gesang ingkang “mardika”? Punapa kita malah taksih mlampah ing dosa? Pangandikanipun Gusti punika ngengetaken kita, kita punika kasebat putra ingkang mardika. Ing Gusti Yesus kita sampun katebus saking dosa. Karana punika minangka putra ingkang mardika, kita kedah mbangun turut dhateng Gusti. Lan sumangga kita ngginaaken kamardikan punika namung kagem kaluhuran lan kamulyanipun Allah lumantar gesang kita. Amin. [cito].

“Kamardikan ingkang sejatos namung wonten ing pepadhang Sang Kristus.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak