Waosan: Ester 5 : 1 – 14 ǀ Pamuji: KPJ. 320
Nats: “Sang Prabu tumuli ngandika: He Prameswari Ester, apa karepmu, sarta apa panyuwunira? Mesthi bakal kaparingake sanadyan ngantia saparoning karajan.” (Ayat 3)
Manawi wonten pitakenan kados makaten: “Kados pundi pambudidaya Panjenengan wekdal semah utawi para putra gadhah pepenginan utawi gadhah prekawis ingkang awrat?” Punapa wangsulan Panjenengan? Cundhuk kaliyan pitakenan ing nginggil, kita sedaya lajeng budidaya supados pepenginan saged mawujud lan tamtunipun saged ta leres. Dene prekawis ingkang awrat tamtu enggala saged kaluwaran. Sedaya kalawau linandhesan raos pangurbanan, kawigatosan sarta katresnan.
Punika ingkang saged kita panggihaken wekdal maos kitab Ester. Kajawi ngrembag bab gesangipun bangsa Israel, pranyata ugi wonten cariyos ingkang sesambetan kaliyan gesang bebrayatan. Inggih punika brayatipun Sang Prabu Ahasyweros lan Sang Prameswari Ester ugi brayatipun Haman dalah garwanipun, Zeresy (4:14). Ing antawisipun brayat kekalih punika tuwuh pepenginan saking semahipun lan kados pundi garwanipun budidaya biyantu saged ta kawujud. Ester nyuwun Ahasyweros rawuh ing pambujanan (4:4). Haman gadhah pepenginan supados pawongan ingkang miturut piyambakipun mengsah, inggih punika Mordekhai sageda ical malah dipun pejahi (4:14).
Wonten pepenginan ingkang saged nuwuhaken pirukuning brayat, nanging ugi wonten pepenginan ingkang dados tuwuhing dredah malah pepejah. Ing babagan punika, pranyata watak saking semah saged nemtokaken kados pundi pungkasaning saking pepenginan ingkang kaaturaken. Ahasyweros nedahaken raos kawigatosan dhateng semahipun. Dene Zeresy kanthi patrapipun pranyata malah nyengkuyung pepenginan ingkang saged kawastanan pepenginan awon. Zeresy boten menging nanging malah njurungi. Katitik malah ugi paring atur supados Haman damel panyulahan kangge mejahi Mordekhai. Punika sanget nggegirisi saupami ing brayat boten wonten ingkang sami purun ngemutaken. Satemah pungkasanipun, Haman piyambak ingkang dipun ukum dening Ahasyweros.
Wekdal sakpunika kita taksih ngraosaken Wulan Keluarga ingkang sageda nuwuhaken pangertosan enggal ing babagan pepenginan para warganing brayat kita. Ing brayat kita, sinten ingkang asring gadhah pepenginan? Sinten ingkang asring budidaya supados pepenginan kawujud? Pepenginanipun sinten ingkang leres sarta mbangun turut dhumateng karsanipun Gusti? Mangga kita wangsuli kanthi jujur ing ngarsanipun Gusti. Amin [WdK].
“Brayat kita: Kegedhen empyak kurang cagak?”